Presentasi bahasa jawa tentang candi prambanan kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar

3
Candi Prambanan AssAlAmu’AlAikum Wr.Wb Sak cedake kutha Yogyakarta ana candi Hindu seng paling apik ing Indonesia. Candi iki kedadeyane tahun abad-9 M. Amarga manggon ing desa Prambanan, mulane candi iki kasebut Candi Prambanan. Caritane ana pawongan sing sekti jenenge Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso kuwi pawongan seng ngewangi Raja Pengging tanding Prabu Baka. Pungkasane, Raja Pengging menang amarga diewangi Bandung Bondowoso. Amarga entok palilah saka Raja Pengging, Bandung Bondowoso manggon ing Prambanan. Nalika manggon ing Prambanan, Bandung Bondowoso nggumun marang rupane Roro Jonggrang sing ayu. Roro Jonggrang kuwi anake Prabu Baka, mungsuhe seng wes dipateni.

Transcript of Presentasi bahasa jawa tentang candi prambanan kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar

Page 1: Presentasi bahasa jawa tentang candi prambanan kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar

Candi Prambanan

AssAlAmu’AlAikum Wr.Wb

Sak cedake kutha Yogyakarta ana candi Hindu seng paling apik ing Indonesia. Candi iki kedadeyane tahun abad-9 M. Amarga manggon ing desa Prambanan, mulane candi iki kasebut Candi Prambanan. Caritane ana pawongan sing sekti jenenge Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso kuwi pawongan seng ngewangi Raja Penggingtanding Prabu Baka. Pungkasane, Raja Pengging menang amarga diewangi Bandung Bondowoso. Amarga entok palilah saka Raja Pengging, Bandung Bondowoso manggoning Prambanan. Nalika manggon ing Prambanan, Bandung Bondowoso nggumunmarang rupane Roro Jonggrang sing ayu. Roro Jonggrang kuwi anake Prabu Baka, mungsuhe seng wes dipateni.

Page 2: Presentasi bahasa jawa tentang candi prambanan kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar

Sinangsa ngono, deweke pengen nikahi Roro Jonggang. Sak tenane Roro Jonggrangwedi arep nolak Bandung Bondowososing wes mateni ramane. Roro Jonggrang gawesarat kanggo Bandung Bondowoso kudu gelem gawekke candi sing cacahe sewu karo loro sumur seng jero ing dalem sak wengi. Bandung Bondowoso banjur usaha menuhisarate seng dijaluk Roro Jonggrang kanthi njaluk diewangi roh roh lelembut. NgerteniBandung Bondowoso diewangi para roh lelembut, Roro Jonggrang kuatir yen penjalukebakal kaleksanan. Deweke nggugah para wadon-wadon supaya nuthuki pari nganggolesung. Krungu suara kuwi, pithik pithik padha tangi dikira wes wayah esuk. Kukuruyuuk…. Roh roh halus padha mandhekake gaweyane dikira wes wayah awan.

Penggarapane candi kurang siji nanging Bandung Bondowoso wes kalah amarga wesentek wektune. Bandung Bondowoso mureng kaya bantheng ketaton. Roro Jonggrangdisepatani Bandung Bondowoso dadi arca. Arca kuwi ana ing jero candi gedhe ngantisaiki dijenengi Candi Roro Jonggrang. Candi candi seng ana neng cedhake jenengeCandi Sewu.

Page 3: Presentasi bahasa jawa tentang candi prambanan kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar

Cukup semanten rumiyen informasi saking kula. klenta klentu soho sisip semaring atur kula nyuwun lumudring samudro pangaksami mugya tansah pinanggih. Wassalamualaikum wr. wb.

Penulis : Arif Nur Rachman

Cici Agustina

Lia Agsutina

Ramadhani Nur Qodar

Sri Mulyaningsih

Suci Febianti