Serat Centhini Pupuh 257-258

4
Jilid 4 - Kaca : 1 SÊRAT CÊNTHINI IV 257. Pocung 1. Pitung kraton Pajajaran awitipun | praptèng akir jaman | nanging kang nênêm nagari | lawan ingkang jumênêng sri naraswara || 2. Dhèdhèh sirik lamun kawêdharing wuwus | kalawan sumadya | dadya moncèring pambudi | yèn wus dhaup narima takdiring Suksma || 3. Têmah datan waonan nanacad gunggung | mring samèng tumitah | miwah jantraning nagari | tyas priyawak kang eling lawan waspada || 4. Jroning jaman Kalawisesa puniku | apan ana jaman | dènarani Andêrpati | nagrinira ingaranan Pajajaran || 5. Tanpa adil sêpên udanagarèku | wong cilik wadal mas | sirnaning karaton awit | lalawanan lawan kadangnya priyangga || 6. Êndi ingkang rosa andadra dalurung | (ng)gènning mangunyuda | mung ing dalêm satus warsi | rusaking kang karaton ngalih nagara || 7. Kang kapindho araning jaman winuwus | ing Sri Kalaraja | patih Dewaraja nênggih | isih anèng jro jaman Kalawisesa || 8. Awit ana udanagara lumaku | wong cilik wadalnya | arupa salaka putih | laminira mung ing dalêm satus warsa || 9. Amungkasi agama Buddha puniku | sirnaning agama | jalaran saka ing nagri | lalawanan lawan putranya priyangga || 10. Kaping têlu nèng sajroning jamanipun | Kala-awisaya | aran jaman Adiyati | awit ana kukum adil udapraja || 11. Sumêbaring agama Islam linuhung | myang nagara krama | dene wadale wong cilik | amaligi bau lawan sukunira || Jilid 4 - Kaca : 2 12. Sirnaning kang karaton jalaranipun | lawan lêlawanan | pitadosing sri bupati | ingkang pinarcaya (ng)gadhuh pêngadilan || 13. Kaping catur ana ing sajêronipun | jaman Kalajangga | iku lakuning nagari | awit ana pirukune kang prakara || 14. Wadaling wong cilik sarupanipun | pawêdaling desa | sirnaning karaton margi | wawan-wawan lawan ingkang putra angkat || 15. Ingkang kaping lima ana sajronipun | Kalasakti jaman | awit mranata agami | lawan awit pranataning wiryèng praja || 16. Wawadaling wong cilik pan tinartamtu | sareyal salaka | tan antara laminèki | ana pêrang gawe orêging nagara || 17. Tinulungan nangkoda kulitnya pingul | prakosèng ranangga | sugih rajabrana pranti | lah ing kono lêrêping mungsuh sadaya || 18. Sirnaning kang karaton jalaranipun | wawan-wawan lawan | risang Rajaputra nanging | asakuthu wusana dumadya mêngsah || 19. Ping nêm jroning jaman Kalajaya iku | ana jamaning sang | Kuthila angkara budi | wahananing wong cilik padha (ng)garangsang || 20. Pindha munyuk amarga ing waktu iku | bangêt larang pangan | dene wadale wong cilik | mêtu reyal uwang salaka têmbaga || 21. Ing antara dahat tan lami karatun | kasundhang ing rowang | têgêse kang madêg aji | ginantènan padha sanake priyangga || 22. Tan antara kawit tibaning bêbêndu | kèh jalma kasrakat | ilang barêkating bumi | akèh jalma kang wisma marga papasar || 23. Sirnaning kang karaton jalaranipun | wawan-wawan lawan |

description

Sociology

Transcript of Serat Centhini Pupuh 257-258

  • Jilid 4 - Kaca : 1

    SRAT CNTHINI IV

    257. Pocung

    1. Pitung kraton Pajajaran awitipun | praptng akir jaman | nanging kang nnm nagari | lawan ingkang jumnng sri naraswara ||

    2. Dhdhh sirik lamun kawdharing wuwus | kalawan sumadya | dadya moncring pambudi | yn wus dhaup narima takdiring Suksma ||

    3. Tmah datan waonan nanacad gunggung | mring samng tumitah | miwah jantraning nagari | tyas priyawak kang eling lawan waspada ||

    4. Jroning jaman Kalawisesa puniku | apan ana jaman | dnarani Andrpati | nagrinira ingaranan Pajajaran ||

    5. Tanpa adil spn udanagarku | wong cilik wadal mas | sirnaning karaton awit | lalawanan lawan kadangnya priyangga ||

    6. ndi ingkang rosa andadra dalurung | (ng)gnning mangunyuda | mung ing dalm satus warsi | rusaking kang karaton ngalih nagara ||

    7. Kang kapindho araning jaman winuwus | ing Sri Kalaraja | patih Dewaraja nnggih | isih anng jro jaman Kalawisesa ||

    8. Awit ana udanagara lumaku | wong cilik wadalnya | arupa salaka putih | laminira mung ing dalm satus warsa ||

    9. Amungkasi agama Buddha puniku | sirnaning agama | jalaran saka ing nagri | lalawanan lawan putranya priyangga ||

    10. Kaping tlu nng sajroning jamanipun | Kala-awisaya | aran jaman Adiyati | awit ana kukum adil udapraja ||

    11. Sumbaring agama Islam linuhung | myang nagara krama | dene wadale wong cilik | amaligi bau lawan sukunira ||

    Jilid 4 - Kaca : 2

    12. Sirnaning kang karaton jalaranipun | lawan llawanan | pitadosing sri bupati | ingkang pinarcaya (ng)gadhuh pngadilan ||

    13. Kaping catur ana ing sajronipun | jaman Kalajangga | iku lakuning nagari | awit ana pirukune kang prakara ||

    14. Wadaling wong cilik sarupanipun | pawdaling desa | sirnaning karaton margi | wawan-wawan lawan ingkang putra angkat ||

    15. Ingkang kaping lima ana sajronipun | Kalasakti jaman | awit mranata agami | lawan awit pranataning wiryng praja ||

    16. Wawadaling wong cilik pan tinartamtu | sareyal salaka | tan antara laminki | ana prang gawe orging nagara ||

    17. Tinulungan nangkoda kulitnya pingul | prakosng ranangga | sugih rajabrana pranti | lah ing kono lrping mungsuh sadaya ||

    18. Sirnaning kang karaton jalaranipun | wawan-wawan lawan | risang Rajaputra nanging | asakuthu wusana dumadya mngsah ||

    19. Ping nm jroning jaman Kalajaya iku | ana jamaning sang | Kuthila angkara budi | wahananing wong cilik padha (ng)garangsang ||

    20. Pindha munyuk amarga ing waktu iku | bangt larang pangan | dene wadale wong cilik | mtu reyal uwang salaka tmbaga ||

    21. Ing antara dahat tan lami karatun | kasundhang ing rowang | tgse kang madg aji | ginantnan padha sanake priyangga ||

    22. Tan antara kawit tibaning bbndu | kh jalma kasrakat | ilang barkating bumi | akh jalma kang wisma marga papasar ||

    23. Sirnaning kang karaton jalaranipun | wawan-wawan lawan |

  • bangsa sabrang kulit kuning | mawa srana tutunggul turun narendra ||

    24. Kaping pitu jroning jaman Kalabndu | ana jamanira | ingaran ratu Hartati | wrdinipun sarupaning kang manungsa ||

    25. Kang kasthi tan lyan arta sadayku | kono ananira | kraton kmbar tanah Jawi | wawadale wong cilik mawarna-warna || Jilid 4 - Kaca : 3

    26. Ana mtu wang slaka tmbaga santun | ing ngantara mangsa | mundhak pajge wong cilik | warna pangan pitik iwn rajakaya ||

    27. Karananya saya lawas saya maju | musibating praja | tmah nir adiling aji | darunanya wonge cilik pada jawal ||

    28. Wong agunge padha jail kurang tutur | marma (n)jng pamasa | tanpa paramartng dasih | dene datan ana wahyu kang sanyata ||

    29. Kh wahyuning eblislanat kang tumurun | apngaling kang jalma | dumrunuh salin sumalin | wong wadon kh kang sirna wiwirangira ||

    30. Tanpa kangn mring mitra sanak sadulur | tanna warta nyata | akh wong mlarat mawarni | daya deye kalamun tyase nalangsa ||

    31. Krp paprangan sujana kapontit nurut | durjana dursila | sayarda (n)dadra andadi | akh maling malandang marang ing marga ||

    32. Bandhol tulus mndhosol rinamu puguh | krp grahana surya | kalawan grahana sasi | jawah awu lindhu glap clrt warsa ||

    33. Prahara gung salah mangsa drsing surur(?) | agung prang rusuhan | mungsuhe boya katawis | tangh lamun snng tntrming wardaya ||

    34. Dalajading praja kawuryan wus suwung | lbur pangrh tata | karana tanpa palupi | pan wus tilar silastuti titi tata ||

    35. Pra sujana sarjana satmah klu | klulun Kalatidha | tidhm tandhaning dumadi | hardayngrat dening karoban rubeda ||

    36. Sitipati nareprabu utamstu | papatih nindhita | pra nayaka tyas basuki | pankare bcik-bcik cakrak-cakrak ||

    37. Nging tan dadya paliyasing Kalabndu | mandar sangkin (n)dadra | rubeda angrurubdi | beda-beda hardaning wong sanagara ||

    38. Katatangi tangising mardawa-lagu | kwilt tyas duhkita | kataman ring rh wirangi | dening angupaya sandi sumaruna || Jilid 4 - Kaca : 4

    39. Anarawung mangimur sanubarku | mncng pangupaya | ing pamrih melik pakolih | tmah suha ing karsa tanpa wiweka ||

    40. Ing Paniti sastra wawarah sung pemut | ing jaman musibat | wong ambg jatmika kontit | kang mangkono yn nitni lalampahan ||

    41. Nawung kridha kang mnangi jaman gmblung | iya jaman edan | ewuh aya ing pambudi | yn mluwa edan ykti nora tahan ||

    42. Yn tan mlu anglakoni wus tartamtu | boya kadumanan | melik kalling donya iki | satmahe kalirn wkasanira ||

    43. Wus dilalah karsane kang Among tuwuh | kang lali kabgjan | ananging sayktinki | luwih bgja kang eling lawan waspada ||

    44. Wktu iku wus park wkasanipun | jaman Kaladuka | sirnaning ratu amargi | wawan-wawan kalawan memaronira ||

    45. Ya ta wau kang samya miyarsa tutur | ngrs ing wardaya | malongo gorokan salit | manthuk-manthuk tanapi goyang mastaka ||

    46. Mas Cbolang srt ririh aturipun | jaman ngudubilah | punapa sampun mungkasi |

  • punapinggih taksih wontn malih jaman ||

    47. Ki Sali ngling jbng ingkang iku dudu | pungkasaning jaman | isih ana jaman maning | ingkang ora dadi girising wardaya ||

    258. Girisa 1. Saka marmaning Hyang Suksma |

    jaman Kalabndu sirna | sinalinan jamanira | mulyaning (n)jnngan nata | ing kono raharjanira | karaton ing tanah Jawa | mamalaning bumi sirna | sirp dur angkaramurka ||

    2. Marga sinapih rawuhnya | nata ginaib sanyata | wiji wijiling utama | ingaranan naranata | kang kapisan karananya | adge tanpa sarana | ngadam makduming srinata | sonya ruri kadhatonnya ||

    3. Lire spi tanpa srana | ora ana kara-kara | duk maksih kinkr Sukma | kasampar kasandhung rata | kh wong katambhan ika | karsaning Suksma kinarya | buwana salin alamnya | jumnng sri pinandhita || Jilid 4 - Kaca : 5

    4. Luwih adil paramarta | lumuh maring brana-arta | nama Sultan rucakra | tanpa sangkan rawuhira | tan ngadu bala manungsa | mung sirrolah prajuritnya | tungguling dhikir kewala | mungsuh rrp sirp sirna ||

    5. Tumps tapis tan na mangga | krana panjnngan nata | amrih kartaning nagara | harjaning jagat sadaya | dhahare jroning sawarsa | dnwangni kathahira | pitungwu reyal ika | tan karsa lamun luwiha ||

    6. Bumi sakjung pajgira | amung sadinar sawarsa | sawah swu pamtunya | suwang ing dalm sadina |

    wus rsik nir apa-apa | marmane wong cilik samya | aym enake tyasira | dene murah sandhang tdha ||

    7. Tan na dursila durjana | padha martobat nalangsa | wdi wilalating nata | adil asih paramarta | bumi pthik akukutha | park lan kali Katangga | ing sajroning bubak wana | panjnnganing sang nata ||

    8. Mung turun kapindho nulya | tri maring bumi Katangga | -kacpit ing Karangbaya | tumka ing putra sirna | lawan npsune priyangga | gya na kang mandhirng nata | ing warna nora kuciwa | Asmarakingkin parabnya ||

    9. Luwih bagus warnanira | dadya kidunganing wadya | ing Kadhiri kuthanira | turun tlu ngalih praja | ana ing nagri Mandura | nora lawas banjur sirna | dene kang dadya daruna | wawan lawan kakasihnya ||

    10. Gya na panjnngan nata | tri-tunggal padha jamannya | kang sawiji akukutha | bumi Kapanasan ika | dwi Gglang kuthanira | tri Tmblang kuthanira | duk antuk tridasa warsa | sulaya sirna sadaya ||

    11. Ing kono banjur tan ana | panjnngan naranata | pra bopati mangka raja | padha angratu priyangga | wit tan nana kang sinewa | ing antara taun nulya | ana ratu sabrang saka | Nungswa Srnggi prajanira || Jilid 4 - Kaca : 6

    12. Jumnng sri tanah Jawa | kukutha nng lorwetannya | girindra nama (n)Drkila | suku wukir Candramuka | ing antara taun nulya | ana wira saking praja | ing Rum nglurugi sang nata | Nungsa Srnggi kang Ngajawa ||

  • 13. Sang nata kasoran yuda | sirna sawadyabalanya | ing kono sang jayngrana | wira ing Rum karya nata | trah Sultan rucakra | mungguh dnnira kukutha | ana tanah sawetannya | ing kali Opak sanyata ||

    14. Linuwih arjaning praja | aran ing Ngamartalaya | turun tlu dhumawuhnya | ing ari kiyamat kobra | umure kang tanah Jawa | kalihwu-satus warsa | etang saking taun surya | walahualam wus purna ||

    15. Cbolang lga ing nala | manmbah alon turira | lpata ing ila-ila | kamipurun tan wrin krama | wit sampun sbl graita | muhung samangke kewala | kalbt jaman punapa | Ki Sali msm lingira ||

    16. Saka pangira manira | jaman iki bokmanawa | apan kalari tumka | jaman Kalasakti nama | isih durung paja-paja | tumkane jaman glura | uwis samene kewala | ora arus yn dinawa ||

    17. Ki Antyanta msm lingnya | basa yayi acarita | ulun kngtan sakala | Kadis pangandikanira | (n)Jng Nabi dinil mustapa | ing ari kiyamat kobra | besuk manawa wus ana | kang ngalamat caturdasa ||

    18. Ki Sali matur sumangga | prayogi kawdharna | ing mangke sami rinasa | dhaupe kalawan jangka | Mas Cbolang duk miyarsa | suka amarwatasuta | matur amangayu-bagya | lir mastumimbuling toya ||