Novel Bhs. Jawa Bab 3

download Novel Bhs. Jawa Bab 3

of 4

Transcript of Novel Bhs. Jawa Bab 3

III. PRAWAN NGISOR KRETEG URIP ANA TEGAHING BEBRAJAN

Larane Sardjinem saja mundak dina saya katon mari. Bareng wis mari babar pisan, Sardjinem digawa menjang omahe pak Warnosumarta. Ana omahe pak Warnosumarta, Sardjinem diadjari apa apa karo anak-anake pak Warna. Pak Warna lan bu Warna kang nduweni watak welas asih menyang sapada-pada iku, tansah aweh pituduh mungguning laku utama menyang Sardjinem. Yen minggu Sardjinem diajak sowan gereja karo anak-anake pak warna kang pada ngrasuk agama Roma katholik. Sardjinem kejaba diajari bab tata carane wong nyambutgawe, uga diajari bab agama. Satindak tanduke Sardjinem sarwa uga ati-ati banget. Dheweke tansah wedi asih karo pak Warna sekaliyan apa dene anak-anake. Bareng Sardjinem wis sawatara suwene ana omahe pak Warna, wis bias nindakake pagawean mbantu bale omahe pak warna sarta bot karepotane, lan pancen kena dipitaja, Sardjinem terus dijalukake dewe ngone ngurusi bale omahe pak Warna. Jalaran yen esuk pak Warna menyang pabrik, dene bu warna menyang pasar Slompretan, anak-anake pada sekolah. Sing ana ngomah mung ibune kang wis setengah sepuh. Sardjinem oleh kapertajan kang semono gedene mau tansah diati-ati banget, luwih-luwih bareng deweke oleh didikan bab agama, nggone ndandani tindake kang dek nalika semana kebak kaduhitan lan papa sangsara, tansah dieling-eling bareng deweke wis utip ana jroning bebrajan lumrah. Pengati atine lan sekabehing tindake tansah dielingi dening Sardjinem. Sardjinem patuh banget karo ajaran agama kang dianut. Saya-saya bareng Sardjinem wis dibabtis. Nggone nuhoni agamane saya songkud. Kabeh-kabeh yen deweke arep nindakake apa ta apa, mesti tansah eling karo Gusti. Sajrone Sardjinem urip ana tengah-tengahing bebrajan kang lumrah lan uripe tansah tinuggon ing kabegjan lan oleh pangajomane Gusti, deweke tansah kelingan karo midi-midi kang tumrape Sardjinem sawijining pemuda kang dadi idam-idamane lan kang bisa njalari deweke bisa urip ana ing tengahing bebrajan lumrah, ora bisa dilalekake dening Sardjinem. Arga tumrape Sardjinem anane deweke bisa mengkono mau ya jalaran saka Midi. Katresnane midi menyang deweke tansah ora bisa dilalekake ing salawase uripe. Saben Sardjinem midi, luhe ndleweran turut pipi. Umpama kawektu mengkono deweke sambat-sambat mengkene , duh kang Midi .., Kowe saiki ana ngendi ta kang .. iya aku .. saiki bebasan uripku sarwa ketekan arep mangan enak nyandang wutuh sarwa keturutan .balik kowe kang .Duh Gusti mugi-mugi panjenegan kersa maringi pangayoman dateng midi semah kula Pak Warna saben-saben njumurupi Sardjinem katon sedih, enggal-enggal diparani ditakoni sebab-sebabe deweke sedih. Bareng Sardjinem wis blaka, Pak Warna aweh pitutur warna-warna, Sardjinem supaya sabar. Pak Warna wis ngusahakake nggoleki midi. Nanging nganti tumeka ing wektu iku usahane during oleh kasil. Mangka pak Warna wis takon menyang ngendi endi. Jawatan sing nduweni wewenang kang gegandengan karo urusane midi.

Nalika semana Sardjinem wis rampung anggone nyambut gawe lan tata dahar sore, dewekke lungguhan ana sepen ngoone turu karo utek nyekel hakpen karo nyongked benang. Sajrone nyongked mau deweke pikirane tansah nglambrang menyang ngendi-endi, wernawerna sing dipikir molah-malihing pikirane kaya dene molah-malihe gambar ing lajaring gedong bioskop. Sedela nuduhake gambar iki, sedhela meneh gambar iku. Suwe-suwe pikirane tekan ngonne midi. Ngone nyongked Sardjinem diselehake. Deweke banjur njupuk Rosarione, jengkeng ngawi tanda mentangan karo semedi. Sembahyang Rosario kanti semedi banget, masrahake dirine ana ngarsa dalem gusti Allah alantaran ibu Dewi Marijah, nyuwun pangayoman. Nganti rambah kaping telu sembahnyang Rosario Sardjinem. Bubar sembahyang wis ditunggu karo anake pak Warna sing jeneenge Sutarminingsih kanda mengkene, Mbok Sar, telung dina maneh dina Natal ya mbok. Mbesuk kita nderek misa bengi wae ya mbok ,,Inggih jeng. Mila salebetipun kita ngantosi bade rawuhipun sang penebus, kita kedah tcawis rumiyin. Langkung salebetipun mangsa adven punika jeng. Punika wancinipun sesirik. Andak jeng ning sampun wiwit, napa. Jen mbok sar empun Aku ya wis kok mbok. Coba piye hara sesirike utawa pasane wong katholik kuwi mbok, yen pancen kowe wis nglakoni sesirik Ya jeng ning kuwi nyekoki apa njamoni karo mbokne. Ora ngono mbok. Mbok Sara rep dak sumurupi sepira sesurupane bab pengerten katolik, Punapa mbiyen wis tau dingendikani karo Rama Pasteur, mbok menawa mbok Sarlali. Jeng, siame tiyang katolik niku saben-saben dinten paskah lan bade miyose sang penebus. Carane sesirik kedah ngendaleni hawa lan nepsu, lan ngirangi samudayanipun. Boten kenging dahar daging, daharipun enjing boten kenging tuwuk kedah sekedhik kemawon, siyang kenging dahar kathah, sonten dahar sekedhik. Bibar punika sampun boten kenging dahar malih. Kejawi ngunjuk, nagging boten kenging keladuk. Siamipun dawah dinten Jum at saben mangsa Paskah lan tiyang dinten sederengipun sang Penebus rawuh utawi miyos. Wah bener kowe mbok. Pancen mbok sar wis ngerti temenan. Dadi yen ana wong kanda yen agama Kristen kuwi kapir ora tau pasa lan sapadane kuwi bener apa ora mbok. Boten leres jeng, niku rak mung saking nggene boten ngertos mawon ta jeng. Napanapa niku nek dereng ngretos nggih sok maido. Langkung-langkung tiyang sing mboten gelem ngenut ombyaking jaman. Bener kowe mbok. Negara Indonesia kang adedasar Pancasila iki, wis ngemot bageanbagean kang nuduhake luhuring budine bangsa Indonesia. Kayata: Ketuhanan yang Maha Esa,

ing kono wis dijelasake menawa faham Ketuhanan yang Maha Esa iku sawidjining mutiara kanggo gegamane ngluhurake asmane gusti metu kaperjayane dewe-dewe. Uriping pangibadah manut keyakinane dewe-dewe kang tumuju menyang ngarsa dalem Gusti Allah diayomi dening Negara. Rasa kamanungsan uga nuduhanke njejeging pribadine bangsa Indonesia. Nggone seneng tetulung menyang sapada-pada. Sapa sing tansah eling karo gusti uga tansah eling karo kapribadene. Njer uriping manungsa iku kabeh tinitahake dening gusti. Dene bab lelakone, kaya dene lelakone wayang kang ana kotak. Arep dikalahake apa dimenangake, arep digawe becik apa digawe ala. Gumantung ana sing nglakoake ya kuwi dalange. Dene dalange wong urip kuwi gusti. Gusti Allah wenang lan kepareng nggawe ala beciking lelakone manugsa dewe. Jalran manungsa bisa nggawe rancangan sing sakabehing kekarepane. Nanging tumekening pepesten kabeh ana astane gusti. Saremene mbok Sar dewe ngaku dadi umating gusti ora beda karo aku. Mula panjalukku mbok sar sing sabar ngadepi lelakon kang sinandang. Coba yen mbok Sar eling sepira aboting lelakone Gusti Yesus nalika semana miyose bae ana ing kandhang wedus. Ora linambaran ing kasur sari nagging linambaran ing suket pakane wedus. Miyose sengsara, sangsara ora kaya putrane raja, nanging sengsara kaya anake wong mlarat banget. Sedane ya sengsara. Nanging ajarane lan tuladane digugu lan ditiru wong sadonya cahayane sumunar ngebeki bawana, lelabetane menyang umat manungsa ora kena dipindahake gedene, Panjenengan kersa ngurbanake salirane ana donya kanggo wong desa. Marga saka tresnane menyang kita kabeh kang tumiba ing dosa. Coba pikiren sing dawa mbok, lan mbok menawa mbok Sardjinem dewe rak wis didhawuhi bapak ta. Yen jodo mono ora sapa-sapa sing nemtokake. Sing nemtokake sing gawe urip. Yen pancen Gusti marengake kang midi tetep bakal dadi jodhomu kaya-kaya ora kurang dalan Mula awit saka kuwi aja banget-banget nggonmu mikir kang midi. Abot endi periring atimu ketimbang karo sangsarane gusti nalika semana kasengsaran iku bisa kanggo kaya benggalaning tumindak sebanjure. Kang kabeh-kabeh mau mbok sar dewe yaw is tau nglakoni. Jeng, kesinggihan dawuhipun jeng ning punika. Milanipun kula sapunika naming sumangga kaliyan kersaning Gusti Kula kanti sabar bade ngentosi datengipun kang midi. Sedaya wau mesti kemawon bade kula ichtiaraken manut keyankinan kula jeng. Kanti kula suwun sarana novena Tri Sembah bekti. Sukur ta mbok yen pikiranmu wis kok gulung bunder. Muga-muga sedyamu sing utama mau oleha pangayomane Gusti kang maha Murah. Inggih jeng. Mugi-mugi kula sageda ngiculaken memanahan kula ingkang boten-boten punika. Suwaraning lonceng greja Purbawardajan Sala Gumuntang, kaprungu saka kadohan. Suwarane nganjut-nganjut, kaya nguwuh-nguwuh karo umat katolik sapaja pada elinga menyang wajibe. Lan tansah siap sijagaa ing kwajibane ngaturake pangabekti menyang Gusti

kang Maha Agung. Sapa sing tansah setya tuhu ing Gusti, mesti bakal pinaringan sih kang luberluber. Ora bakal ana kabegjan ing donya iki samangsa ora rineston dening Gusti. Gust iwis paring dawuh sapa wonge kang totok-totok bakal diwengani kori, wong kang nyuwun bakal pinaringan, sapa kang ngupaja bakal nemu Krungu loncenging Greja kang gumuntang mau, Sardjinem sawise nggodog wedang, lan pak Warna sebrajat isih pada turu, enggal-enggal sembahyang esuk deweke banjur sembahyang mengkene: