Wayang Arjuna - Arjuna Puppet
Transcript of Wayang Arjuna - Arjuna Puppet
ASSALAMU’ALAIKUM WR. W
B.
Afrida Normalita (01) Hanun Fadhilah M. (14) Inas Gita A. (16) Nada Lathifa (20)
ARJUNA
Arjuna (Sangskreta Arjuna) iku sawijining paraga sajroning wiracarita Mahabharata.
Miturut crita padhalangan, Arjuna iku putra Prabu Pandhudéwanata, ratu Astina, klawan Dèwi Kunthi sing angka telu.
Mula saka kuwi, Arjuna banjur sinebut satriya "Panengah Pandhawa".
Sedhuluré-sedhulure arjuna yaiku Puntadéwa (Yudhistira), Werkudara (Bima), Nakula (Pinten) lan Sadewa (Tangsen).
Kasatriyané Arjuna ana ing Madukara, patihé asma Surata (patih Rata).
3 3 Begawan Ciptaning
gagrag Yogyakarta3 Janaka3 Kiritin/Walikithi3 Parta3 Pritaputra3 Permadi/Pamade3 Dananjaya3 Kumbalyali (ing
padhalangan asring disebut Kumbang Ali-Ali)
3 Ciptaning Mintaraga (ing lakon Begawan Ciptaning)
3 Pandusiwi/Pandhuputra3 Indratanaya3 Jahnawi3 Palguna3 Danasmara3 Margana3 Gudhakesa3 Wibatsuh3 Kandhi Wrahatnala (nalika
nylamur laku dadi banci)
DASANAMANE ARJUNA
Sifat ArjunaBecik :* tansah asih* remen tetulung* mancalaputra mancala putri sekti tanpa aji-aji* nglurug tanpa bala* satriya * nepati janji
Ala :# iri kaliyan Ekalaya ingkang langkung pinter
anggenipun manah# arjuna ugi asring ngagungaken dhiri.
Lelanang ing JagadAwit saAking sipat satriyanipun Arjuna
dipunsebat Lelananging Jagad,uga isa kasebut lelanang ing jagad amarga Arjuna anggadahi garwa ingkang kathah,kirang langkung 40 garwa. Umpamane :
1. Dewi Sumbadra, peputra Abimanyu2. Dewi Larasati / Rarasati, peputra Sumitra lan
Brantalaras.3. Dèwi Wilutama, peputra Bambang Wilugangga. 4. Bathari Supraba, putriné Bathara Indra, peputra
Bambang Prabakusuma.
Aji-ajiArjuna iku ndarbèni enem aji-aji, yaiku:
Palimunan/panglimunan = bisa ngilang.Tunggengmaya = bisa gawé banyu.Sepiangin = bisa mlaku tanpa napak lemah
banteré pindha angin.Mlayabumi = bisa ngalahké mungsuh.Pengasihan/sempaliputri = disenengi wong
akèh.Asmaragama/kamasutra = ngèlmu saresmi.
Gaman1)Pecut Kyai Pamuk2)Panah Pasopati3)Panah Harya Sangkali4)Ali-ali Mustika Ampal5)Trompet Dewadata6)Keris Pulanggeni7)Brahmasira/Agniyastra8)Panah Ardhadehali/Hrudhadhedali9)Panah Merdaging10)Panah Mercujiwa11)Sarotama12)Keris Kyai Kalanadhah13)Busur Kyai Gendhewa
Ing Bharatayudha, Arjuna perang tandhing mungsuh Adipati Karna. Abot rasané ati, merga dhèwèké adu arep karo sedulur tuwa nunggal ibu séjé bapa. Nanging rasa mangu-mangu iki bisa diilangaké déning Prabu Bathara Kresna. Arjuna banjur maju ing palagan tandhing lawan seduluré sing diajeni. Wusanané Adipati Karna gugur ana sajroning paprangan. Ing perang Bharatayuda uga, Arjuna kèlangan kabèh putra-putrané.
Nanging putuné, Parikesit, dadi raja ing Astina. Sawisé perang, Arjuna pindhah dadi raja ing Buwanakeling, kang mauné dadi kratoné Jayadrata. Ing bubaran perang uga, kabèh bojoné dipatèni déning Aswatama. Uripé Arjuna rampung bareng karo Pandhawa liyané munggah menyang kahyangan laku liwat Himalaya.
PUNGKASAN CRITA
ARJUNA
WASSALAMU’ALAIKUM WR.
WB.