SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL...
Transcript of SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL...
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017
MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN
BAHASA JAWA
BAB II
PARAMASASTRA LAN PENGETRAPANE
OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd.
DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si.
DR. SURANA, M.Hum.
KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN
2017
1
KISI-KISI DAN BAHAN AJAR
No. Kompeten
si Utama
Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator
Pencapaian
Kompetensi (IPK)
Materi
pokok Kompetensi Inti
Guru (KI)
Kompetensi Guru
Mata Pelajaran
(KD)
A B C D E F
1. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Mengidentifikasi
jenis tembung
rangkep
Tembung
rangkep
2. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Menerapkan
tembung
dwipurwa dalam
kalimat bahasa
Jawa
Tembung
dwipurwa
3. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Mengidentifikasi
jinis tembung
Jinis
tembung
4. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Menjelaskan
proses
pembentukan
kata dalam
bahasa Jawa
Tata
tembung
5. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
Menentukan
tembung lingga
dalam suatu
Tata
tembung
BAB II
PARAMASASTRA LAN PENGETRAPANE
2
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
konteks kalimat
6. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Menganalisis
makna tembung
katrangan
berdasarkan
konteks kalimat
Tembung
katrangan
7. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Menggunakan
tembung sesulih
berdasarkan
konteks kalimat
Tembung
sesulih
8. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Menerapkan
tembung kriya
dalam
kesantunan
berbahasa
Tembung
kriya
9. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
Menulis tembung
camboran dalam
kalimat beraksara
Jawa
Tembung
camboran
10. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
Memberi contoh
tembung
camboran
Tembung
camboran
11. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
Menggunakan
tembung entar
sesuai dengan
konteksnya
Tembung
entar
3
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
berbicara,
membaca, dan
menulis)
12. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Menganalisis
fungtor dalam
kalimat
(Jejer –Wasesa –
Lesan –Geganep –
Katrangan)
Fungtor
kalimat
13. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Mampu
membedakan
kalimat
berdasarkan
predikat
Ukara
tanduk dan
ukara
tanggap
14. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Membuat ukara
tanduk sesuai
dengan
konteksnya
Ukara
tanduk
15. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Membuat ukara
tanggap sesuai
dengan
konteksnya
Ukara
tanggap
16. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Mengidentifikasi
jenis ukara
camboran
Ukara
camboran
17. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
Membuat ukara
camboran sejajar
dengan tepat
Ukara
camboran
sejajar
4
mata pelajaran
yang diampu.
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
18. Profesional Menguasai
materi, struktur,
konsep, dan pola
pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran
yang diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Membuat contoh
ukara camboran
susun
Ukara
camboran
susun
Paramasastra iku ngelmu tata basa lan sastra, utamane basa Jawa. Tembung iki
dijupuk saka parama (tata basa) lan sastra. Tata basa Jawa akeh njupuk saka
Sansekerta. Minangka sarana komunikasi, struktur basa Jawa katata jroning aksara
lan tembung kang karakit dadi ukara, kanthi migatekake paugeran kang gumathok.
Kanggo milah struktur basa kanthi luwih jero digunakake sawetara ilmu sing tansah
ditrapake nalika nyinaoni basa, yaiku: (1) Widyaaksara (fonologi), (2) Widyatembung
(morfologi), (3) Widyaukara (sintaksis), lan (4) Widyamakna (semantik) (Sasangka,
2011:1).
Adhedhasar kisi-kisi dan bahan ajar, saperangan saka paramasastra
kaandharake ing ngisor iki:
I. WIDYA TEMBUNG (MORFOLOGI)
Widya tembung utawa tata tembung (morfologi) iku kalebu sempalane
paramasastra kang ngrembug lan nyinau bab tembung, dumadine tembung, lan
owahe sawijining tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan
(pangimbuhan/ afiksasi), karangkep (pengulangan/reduplikasi), utawa kagabung
utawa kacambor (pemajemukan/ kompositum) (Sasangka, 2011:38).
A. JINISE TEMBUNG
Ana ing basa Jawa, warna-warnaning tembung kaprinci dadi 10 (sepuluh)
golongan, yaiku:
1) Tembung Kriya, tuladha: mlaku, tuku, adol
2) Tembung Aran, tuladha: omah, sawah, tikus
3) Tembung Kaanan (sifat), tuladha: abang, kuru, kendel
4) Tembung Katrangan, tuladha: prajoga, kira-kira, dumadakan
5
5) Tembung Sesulih, tuladha: aku, iki, iku
6) Tembung Wilangan, tuladha: siji, akeh, kepitu
7) Tembung Panggandheng, tuladha: ing, saka, menyang
8) Tembung Ancer-ancer, tuladha: marang, nganti, kanthi
9) Tembung Panyilah, tuladha: sri, si, sang
10) Tembung Panyeru, tuladha: adhuh, wah, halo
(*Sumber jangkep buku Paramasastra Djawa (Padmosoekotjo) lan
Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa (Sry Satriya catur Wisnu Sasangka)
B. WUJUDE TEMBUNG
Adhedhasar wujude, tembung basa Jawa kabedakake, (1) tembung lingga, (2)
tembung andhahan, (3) tembung rangkep, lan (4) tembung camboran.
1) TEMBUNG LINGGA
Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale, kang durung oleh
imbuhan apa – apa, utawa tembung kang isih wungkul, isih wantah utawa isih asli.
Tembung lingga bisa digolongake wujud bebas (bentuk bebas). Tembung lingga ana
kang dumadi saka sakwanda, rong wanda, utawa telung wanda (suku kata).
Tuladha : turu, tangis, pari, pangan, mustaka, tulis, laku
2) TEMBUNG ANDHAHAN (KATA JADIAN)
Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung andhahan
dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis
dirimbag. Owah-owahan iku bisa awujud : (1) wuwuhan (imbuhan), (2) ngrangkep
tembung (kata ulang), lan (3) nyambor tembung (kata majemuk).
Salah sawijine cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi menehi wuwuhan.
Wuwuhan iku ana telu, yaiku : ater - ater (awalan), seselan (sisipan),lan panambang
(akhiran).
a. Ater – ater (awalan, prefiks)
Ater-ater iku wuwuhan kang dununge ing kiwane tembung utwa ing ngarep
tembung. Cacahe ater-ater iku pirang-pirang, yaiku ater-ater anuswara, ater-ater
tripurusa, ater-ater a- (ma-), ka-, ke-, sa-, pi-, pri-, kuma-, kami-, kapi-, lan
6
sapanunggalane. Panulise ater-ater tansah sumambung utawa gandheng karo
tembung linggane. Tuladhane:
nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih buku matematika.
mlaku = m- + laku = Rina mlaku karo kancane menyang pasar.
diwaca = di- + waca = Bukune diwaca kancane.
kesandhung = ke- + sandhung = Sikile tatu amarga kesandhung watu.
dakjupuk = dak- + jupuk = Klambine wis dakjupuk saka penjait.
b. Seselan (sisipan, infiks)
Seselan yaiku wuwuhan kang kadunungake ing tengahe tembung. Seselan ing
basa Jawa cacahe mung ana 4, yaiku –um-, -in-, -er-, lan –el-.
(1) Seselan –um-
Seselan –um- sinebut [bawa ma] diseselake ing tembung lingga. Yen
tembung linggane apurwa vokal, seselan –um- malih dadi m- lan dumunung
ing ngarepe tembung.
Tuladhane:
udhun + (-um-) = umudhun = mudhun
ili + (-um-) = umili = mili
panggang + (-um-) = pumanggang = kumanggang /kemanggang
pinter + (-um-) = puminter = kuminter = keminter
bagus + (-um-) = bumagus = gumagus = gemagus
bakar + (-um-) = bumakar = gumakar = gemakar
dunung + (-um-)= dumunung
seleh + (-um-)= sumeleh
(2) Seselan -in-
Seselan -in- uga diarani [tanggap na], jalaran tembung lingga kang seselan -in,
mesthi malah dadi tembung kriya, yaiku kriya tanggap. Dadi pada karo ater-
ater di-.
Tuladhane:
pedhang + (-in-) = pinedhang
sapu + (-in-) = sinapu
antem + (-in-) = inantem = ingantem
aras + (-in-) = inaras = ingaras
(3) Seselan -er- lan -el-
7
Seselan -er-, lan -el- biasane malih dadi -r-, lan -l-. Seselan iki gunggunge
mung winates, amarga ora kabeh tembung bisa diseseli -er- lan -el-.
Tuladhane:
kelip + (-er-) = kerelip = krelip
jerit + (-el-) = jelerit = jlerit
gandhul + (-er-) = gerandhul = grandhul
titi + (-el-) = teliti = tliti
kepyur + (-er-) = kelepyur = klepyur
c. Panambang
Panambang utawa akhiran (sufiks) yaiku wuwuhan sing dumunung ing buri
tembung. Panulise kudu sumambung karo tembung linggane. Jinise panambang
ing antarane, yaiku –i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, lan -ake. Pandhapuke tembung
andhahan amarga oleh panambang umpamane :
telatan = telat + -an = telatan
awake = awak + -e = awake
bukuku = buku + -ku = bukuku
tulisen = tulis + -en = tulisen
lungguh = lungguh + na = lungguhna
kandha = kandha + ana = kandha(-an)ana = kandhanana
tali = tali + ana = tali (-an) ana = talenana
tuku = tuku + ana = tuku (-an) ana = tukonana
tamba = tamba + ane = tamba (-an) ane = tambanane
kendho = kendho + ake = kendho (-k) ake = kendhokake
beta = beta + aken = beta (-k) aken = betakaken
d. Wuwuhan Gabung (Konfiks)
Wuwuhan gabung iku dumunung ing tembung lingga kanthi rumaket, tegese
ater-ater lan panambang dienggo bebarengan. Kang kalebu imbuhan gabung
utawa konfiks, yaiku: ka- an, ke-en, pe-an, pa-an, lan pra-an. Tuladhane:
cilik = ke + cilik + en = keciliken
lurah = ka + lurah + an = kalurahan
pinter = ka + pinter + an = kapinteran
bupati = ka + bupati + an = kabupati [a]n= kabupaten [ i +a = e]
gunung = pa + gunung + an = pagunungan
8
Pandhapuke konfiks liyane, yaiku di-i/ni, di-ake, N + i, N + ake, N + na. Tuladhane:
kandha = di + kandha + i = dikandhani
panas = di + panas + i = dipanasi
cilik = di + cilik + ake = dicilikake
jago = di + jago + ake = dijagokake
sangu = N (ny) + sangu + i = nyangoni
jaga = N (n) + jaga + ake = njagakake
kabar = N (ng) + kabar + na = ngabarna
C. TEMBUNG TANDUK LAN TEMBUNG TANGGAP
Tembung tanduk lan tembung tanggap iku kalebu tembung kriya, saengga
rimbage diarani kriya tanduk lan kriya tanggap. Pandhapuke kaya mangkene:
a. Rimbag Tanduk
Pandhapuke rimbag tanduk yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
anuswara . Wujude ater-ater anuswara iku an-, am-, ang-, any-. Ater-ater anuswara
lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater uga lumrah
mratelakake tembung “tanduk” (aktif). Rimbag tanduk kaperang dadi telu, yaiku:
(1) Tanduk kriyawantah
Tuladha:
- an + tandur = antandur = nandur -(t, luluh)
Pak Suradi nandur pari ana ing sawah.
- any + cokot = anycokot = nyokot -(c, luluh)
Adik lara untune amarga nyokot es.
(2) Tanduk kekriya { tembung tanduk + ake}
- Rini nulisake adhine tembang dolanan.
(3) Tanduk ikriya {tembung tanduk + i}
- Pak Tarno lagi mbanyoni sawahe.
Tembung kang oleh ater ater Anuswara nduweni teges, yaiku:
(1) Nyambut gawe : njenu, macul, medhang.
Bapak macul ana tegal.
(2) Nganggep : mbapa, ngadhi, mbibi.
Budi wis kulina mbapa marang simbahe.
9
(3) Dadi (dados) : mbatur, nyantrik, nyudagar, nuwani.
Mbak Santi wis setaun mbatur ana ing omahe pak lurah.
(4) Nuju menyang : minggir, ngulon, munggah
Bocah-bocah mau pada ngulon.
(5) Gawe utawa damel : nggule, ngabon, nyambel.
Ibu lagi nyambel tomat ono pawon.
(6) Menehi utawa nyukani : nyadhong, makani, nyandhangi, nyamaki.
Adik lagi makani pitik ana ing buri omah.
(7) Kaya utawa kados : mbodhoni, mbisu, ndesani, ngetumbar, mucuk eri.
Genea ta kowe, awit mau kok mbisu ?
(8) Saben wong nampa : niji, ngloro, matang liter.
Aku lan Rini pada entuk buku ngloro.
(9) Nambahi : ndhuwurake, ndawani, nggedheni
Rama ndhuwurake antena tv ben bisa nonton bal-balan.
(10) Ngetrapake : nglambeni, napeni, nyetuti.
Simbah napeni beras ing latar.
(11) Lagi wektune utawa saweg wancinipun : mbosoki, ngretegi.
Amarga ora kepangan peleme mbosoki.
b. Rimbag Tanggap
Pandhapuke rimbag tanggap, yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater tripurusa
utawa ater-ater kang mujudake sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene
ater-ater anuswara. Beda karo ater-ater anuswara, dene ater-ater tripurusa
mratelakake tembung “tanggap” (pasif). Cacahe ater-ater tripurusa ana telu,
yaiku dak, ko, di.
Ater-ater tri purusa kaperang dadi 3 werna, yaiku:
1) [dak] diarani utamapurusa: sesulihe purusa/ wong kapisan, yaiku aku, kula,
kawula, ingsun, hulun, lsp. Tuladhane: daktulis, dakgambar, dakwaca
2) [ko/kok] diarani madyamapurusa: sesulihe purusa/ wong kapindho, yaiku
kowe, sampeyan, dika, keng slira, penjenengan, slirane, paduka, lsp. Tuladhane:
kotulis, kogambar, kowaca.
10
3) [di] diarani pratama purusa: sesulihe purusa/wong katelu, yaiku dheweke,
piyambake, penjenengane, lsp. Tuladhane: ditulis, digambar, diwaca, digawa,
Pagetrapane sajrone ukara, tuladhane:
(1) Mas Irwan didangu Budhe Narti.
(2) Komputere arep kokapakake?
(3) Sega gorenge arep dakpangan.
(4) Roti sing neng meja wis dakpangan mau esuk.
(5) Ibu ngasta oleh-oleh jeruk, banjur mau dipangan Adit.
D. TEMBUNG RANGKEP
Sing dikarepake tembung rangkep, yaiku tembung kang ucapake ambali
saperangan utawa kabeh. Kayata: putra-putra, tetuku, cengenges. Tembung kang
dirangkep iku dibedakake dadi telung warna, yaiku: dwilingga, dwipurwa, lan
dwiwasana.
a. Tembung Dwilingga
Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep. Pangrangkepe tembung lingga
iku ana kang karangkep wutuh lan ana kang karangkep mawa owah-owahan
swara (Sasangka, 2011:100). Tuladhane:
(1) Rahmad mulihe nyambut gawe mesthi bengi-bengi. Senadyan ta udan-
udan dheweke tetep mulih.
(2) Senadyan wis bola-bali dikandhani bocah iku tetep ora nggatekake.
(3) Wiwit mau kok wira-wiri, apa ta sing digoleki?
Tembung [udan-udan] lan [bengi-bengi] asale saka tembung lingga [udan]
lan [bengi] kang diunekake ping pindho. Pandhapuke tembung mengkono iku
aran dwilingga-dadi wujude : [lingga + lingga]
Sawenehe tembung dwilingga, wis ora dimangerteni asale utawa apa tegese
linggane, marga pancen wis ora tau kanggo ing sedina-dina. Tuladhane tembung
alun-alun ‘papan bawera utawa jembar’ lan agul-agul ‘sing diendel-endelake.
Semono uga tembung wira-wiri, kolang-kaling, wonti-wanti, mangu-mangu,
rewa-rewa, eter-eter, abah-abah, ada-ada. Pandhapuke tembung dwilingga
kang owah tembunge kang ngarep, kang buri, utawa owah tembunge karo pisan,
dene arane banjur dadi rimbag dwilingga salin swara.
Tuladhane kang owah tembunge kang ngarep, kayata:
11
(1) Njupuka, aku rak wis kandha olah-oleh.
(2) Mitraku kerep banget mora-mara mrene. Semono uga: orak-arik, golak-
golek, opak-apik.
(3) Wis entek, aja pijer salak-selek. Bocah cilik iku pijer madhang-medheng.
Aja muni macan-mecen, adhimu kamigilan.
b. Tembung Dwipurwa
Dwipurwa iku tembung kang dumadi saka pangrangkepe purwane tembung
lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung. Tuladhane:
(1) Ingkang raka sapunika gegriya ing Tegal-blateran.
(2) Wong iku bok ya ngerti marang pepadhane.
Rimbage tembung [gegriya] asale saka [gri + griya], dene [pepada] asale saka
[pa + pada]. Tembung kang dirangkep purwaning linggane, rimbage aran
dwipurwa
c. Tembung Dwiwasana
Tembung dwiwasana iku tembung kang ngrangkep wanda wekasan utawa
ngrangkep wasananing tembung. Wujude saka tembung lingga, karaketan
wandane kang buri. Tuladhane:
(1) Barang mbedhudhug ing amben kae apa?
(2) Mripate pating jelalat pendirangan.
Katrangan: [ bedhug + dhug] dadi [bedhudhug], dene [ jelat + lat] dadi
[jelalat].
Lumrahe tembung dwiwasana dikantheni tembung [pating]. Dadi yen mengkono
kagolong ewone tembung : kahanan.
E. TEMBUNG CAMBORAN
Tembung camboran (basa Indonésia: kata majemuk), iku rong tembung utawa
luwih kang digandheng dadi siji ngliwati sawijining proses morfologi. Proses morfologi
yaiku proses owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduweni kategori lan
makna wutuh, saengga polimorfem iku diarani tembung
(https://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_camboran diakses tanggal 20 Juli 2016).
Sasangka (2011:105) ngandharake tembung camboran utawa kata majemuk
(kompositum) yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji lan tembung
12
mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar. Jroning basa Jawa, ana telung
proses morfologi sing disinaoni, yaiku proses wuwuhan (pengimbuhan), proses
rangkep (pengulangan), lan proses camboran (pemajemukan). Tembung camboran
bisa diwuwuhi imbuhan apa wae. Proses camboran (pemajemukan) yaiku proses
panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung yaiku lingga karo lingga liyane.
Camboran diperang dadi loro, yaiku camboran wutuh lan camboran wudhar.
Miturut wutuh orane, tembung camboran iki kaperang dadi loro, yaiku:
(1) Tembung camboran wutuh
Tembung camboran wutuh yaiku tembung camboran kang dumadi saka
tembung-tembung kang isih wutuh (Sasangka, 2011:105). Tuladhane: dhadha
menthok, gantung siwur, semar mendem, randha royal, sisik melik, kalamenjing,
raja lele, lan sapanunggalane.
(2) Tembung camboran tugel
Tembung camboran tugel yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung
kang isih wutuh lan tembung wancahan, utawa kabeh tembung camboran iki kabeh
dumadi saka tembung wancahan (Sasangka, 2011: 106). Tuladhane:
(1) bangjo: abang - ijo
(2) panastis : panas - atis
(3) barji barbeh: bubar siji bubar kabeh
(4) gaji wakma: sega siji iwake lima
(5) nasgithel:panas legi kenthel sp.
F. TEMBUNG ENTAR
Tembung entar ya iku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan
tegese dadi beda saka asal-usule. Tembung entar tegese ora kaya teges salugune
(kata kiasan) utawa tembungkang ora kena ditegesi sawantahe bae. Ing basa
Indonesia diwastani tembung silihan (kiasan), ing basa Walanda diwastani Figuurlijke
betekenis.
A
01. abang kupinge = nesu banget
02. (ng)abangke kuping = gawe nesu
03. abang abang lambe = ora temenan, mung lelamisan
04. abang raine = nandhang isin (wirang)
05. adol ayu = ngendelake ayune
13
06. adol bagus = ngendelake baguse
07. adol gawe = ngatonake penggaweyane
08. adol kringet = nyambut gawe
09. adol kwanen = ngendelake kwanene
10. adol krungon = golek-golek warta/kabar
11. adol sendhe = adol barang menyang gadhen
12. adol umbag/umuk = akeh omonge, ning ora ana nyatane
13. adus getíh = tatune nemen banget
14. adus kringet = nyambut gawe, abot banget
15. adus luh = nemen anggone nangís
16. akeh sandhungane = akeh alangane
17. alajenenge = kurang dipercaya
18. ala kandhutane = ala watake
19. ala tembunge = tembunge kasar/saru
20. alus tembunge = kepenak dirungokake
21. ambajangkahe = bisa ikhtiyar mrana-mrana
22. apus krama = dibujuki/diapusi cara alus
23. asor budine = bbudene ala
24. asor yudane = kalah
25. ati dhondhong = atine ala
26. atine ana wulune = atine ala/dengki
B
01. (m)balang liríng = nglirik mripat
02. bau suku = abdi/batur
03. bau tengen = wong kang dipercaya
04. bening atine = sumeh
05. (m)buwang sangkal = ngilangi/mbuang apes
06. (m)bukak wadi = ngandhakake wewadine
07. (m)buwang tilas = nutupi tumindake sing ala
C
01. cagak lek = camilan supaya betah melek
02. cagak urip = kanggo nyukupi kebutuhan uripe
03. cancut taliwanda= tandang gawe
04. cangkem gatel = seneng ngrasani/nggunem
05. cedhak umure = gelis mati
06. cepak jodhone = gelis oleh jodho
07. cepak rejekine = gampang oleh rejeki
08. cilik atine = kuwatir/wedi
09. cupet atine = gampang nesu
10. cupet budine = ora bisa nggayúh kautaman
11. cupet jangkahe = ora bisa golek sarana
14
12. cupet nalare = ora bise mikirake werna-werna
13. cupet pangandele = ora percaya
D
01. dadi gawe = ngrepotake
02. dawa-dawa uja = perkara kang ora uwis-uwis
03. dawa tangane = seneng nyolong jupuk
04. (n)dhedherr kautaman = nandur kebecikan
05. dhuwur atine = gumedhe
06. dhuwur pangkate = dadi wong pangkat/panguwasane
E
01. empuk rembuge = guneme enak dirungokake
02. entek atine = keweden/kuwatir banget
03. entheng sanggane = ora rekasa
04. entheng tangane = seneng tandang gawe
G
01. (ng)gadho ati = gawe susah ati
02. gantung kepuh = sandhangane ora tau ganti
03. (ng)gantung untu = selak kepingin mangan
04. gedhe atine = tatag; ora kuwatir
05. gedhe endhase = sombong/ kumalungkung
06. gedhe omonge = umuk ora ana nyatane
07. gedhe tekade = ora gampang pasrah
08. (ng)gedhekake puluk = ora ana prihatine
09. (ng)gegem tangan = kesed nyambut gawe
10. gilig rembuge = rembugane pasti/mesthi
11. gilig tekade = tekade ora bakal mundur
12. (ng)gilud kawruh = golek ilmu kanthi mempeng
13. golek slamet = ati-ati supaya, ora cilaka
14. golek uríp = nyambut gawe nggo nyukupi butuhe
I
01. idu geni = omongan tansah kelakon
02. ilat mati = ora bisa ngrasakake
03. ilang klilipe = ilang mungsuhe
J
01. jakalara = rikala nom-e rekasa
02. jembar dhadhane = sugih pangapura; sabar banget
03. jembar kawruhe = akeh ngilmune
04. jembar kubure = mlebu swarga
05. jembar polatane = sumringah
06. jembar segarane = sugih pangapura; sabar
07. jero kawruhe = akeh ngilmune; pinter
15
K
01. kadalu warsa = kasep; wis kliwat
02. kandel kulite = digdaya; sekti
03. kandel kupinge = ora nggugu pitutur
04. kaku atine = tansah ora sarujuk/sulaya
05. kasar tembunge = tembung saru
06. katon dhadhane = wani adu arep
07. kegugah atine = sadar/eling
08 kelepetan ala = katut ala
09. kembang lambe = tansah digunem kebecikane
10. kakehan tangan = kakehan sing nyandhak
11. kembang uríp = lelakone wong urip werna-werna
12. kena tinenga-tenga = kena disambati
13. kenceng karepe = kkekarepane kudu keturutan
14. kenceng tekade = tekade ora bakal mundur
15. kulak warta = golek kabar/warta
16. kuwat drajat = cocok dadi pemimpin/panguwasa
17. kuwat isin = mblebes ora isinan
18. kuwat mangan = mangane akeh
L
01. lambe tipis = criwis/akeh omonge
02. landhep dhengkul = kethul banget
03. landhep pikirane = pinter banget; gampang ngerti
04. lara ati = seruk atine
05. lara ayu = lara cacar
06. lara owah = edan; gendheng
07. larang pangan = paceklík
08. lobok atine = sabar
09. luhur budine = kelakuane becik/apíik
10. luhur drajade = dadi wong pangkat/panguwasa
11. lurus lakune = jujur
12. lumah tangan = ora gelem cawe-cawe
13. lunyu ilate = guneme mencla-mencle
M
01. manis eseme = esem ngresepake ati
02. manis rembuge = guneme nyenengake ati
03. mara tangan = seneng gawe lara/ milara
04. masa bodhoa = pasrah
05. mata dhuwitan = srakah marang dhuwit
06. mata loro = mangro tingal
16
07. mateni pangane = gawe ilang panguripane
N
01. nandhang sungkawa = lagi susah
02. nandur kebecikan = gawe kebecikan
03. ngadu wuleding kulit = adu kekuwatan
04. ngangsu kawruh = golek ngelmu/meguru/sekolah
05. ngatonake siyunge = nuduhake kekuwatane/ kuwanene
06. ngatonake dhadhane = umuk, sumbar
O
01. oleh ati = disenengi
02. oleh gawe = kaleksanan
03. oleh wirang = kisinan
04. oleh lara = kalaran
05. ora duwe ati = kuwatir banget, wedi
06. ora melek = ora ngerti
07. ora ngundhuh = ora oleh apa-apa
P
01. padhang dalan = mlebu swarga
02. padhang hawa= lair ing donya
03. padhang langite = seneng
04. padhang pikire = lega seneng
05. padhang ulate = sumeh
R
01. rai gedheg = ora duwe isin
02. (ng)rengga praja = njaga negara
03. (ng)rengga salira = dandan/macak
04. runtuh atine = tuwuh welase
05. rupak atine = cugetan/ora gampang ngapura
06. rupak jagade = judheg; ora bisa mrana-mrana
S
01. sabuk gelang = sawahe akeh banget
02. sepi kawruh = bodho/ora duwe ilmu
03. sepi pamríh = ora duwe pamríh
T
01. tadhah kalamangsa = dipangan
02. tadhah udan = lirangan gedhang sing dhuwur dhewe
03. tatu atine = serik banget
04. tanpa tilas = entek blas
U
01. udan tangis = akeh sing padha nangisi
02. ulat peteng = katon nesu
17
03. ulat manis = sumeh
W
01. walang ati = sumelang/kuwatír
02. wani mati = nekad/kendel banget
03. wani silit wedi rai = ora wani terang-terangan
04. weteng kadut = dremba/ora tampikan
(https://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/.../tembung-entar diakses 21 Juli 2016)
II. WIDYA UKARA (SINTAKSIS)
Widya ukara kalebet peranganing paramasastra ingkang ngrembag babagan
ukara, frasa lan klausa.
A. UKARA
Ukara inggih punika rerangkening tembung ingkang saged ngandharake
satunggaling karep ingkang jangkep. Jalaran nerangaken tembung supados dados
ukara punika mawi pranatan utawi paugeran ingkang gumathok, tandha-tandhanipun
inggih punika :
(1) Saged madeg piyambak.
(2) Dumadi saking satunggal klausa ( jejer satunggal lan wasesanipun inggih
satunggal ).
(3) Wiwitanipun ukara kaserat mawi aksara ageng lan wasesanipun mawi
tandha titik, koma, titik koma, tandha seru saha tandha pitakon.
(4) Mawi intonasi (laguning pakecapan).
Tuladha :
1) Aku sinau, adhiku malah dolan.
J W J W
Aku sinau = klausa ning inggih ukara
Malah dolan = frasa kriya
Adhiku malah dolan = klausa ning inggih ukara
Aku sinau, adhiku malah dolan = ukara
2) Bukune Budi isih apik, bukune Iwan wis rusak.
J W J W
Bukune Budi = frasa aran
18
Isih apik = frasa kahanan
Wis rusak = frasa kahanan
Bukune Budi isih apik = klausa nanging inggih ukara
Bukune Iwan wis rusak = klausa nanging inggih ukara
Bukune Budi isih apik, bukune Iwan uwis rusak = ukara
Adhedhasar rangkaning ukara (struktur kalimat), ukara salebetipun basa Jawi ingkang
baku punika cacahipun wonten 5 inggih punika :
(1) J – W
(2) J – W – L
(3) J – W – Gg (geganep)
(4) J – W – L – Gg
(5) J – W – K
a. Jejer
Jejer utawi subjek inggih punika perangan ingkang dados bakuning ukara utawi
perangan ingkang dados lajenging ukara. Pramila adhedhasar pranataning ukara, jejer
punika limrahipun mapan utawi dumunung wonten ngajeng, ananging
kalamangsanipun saged mapan wonten ing tengah utawi pungkasaning ukara.
Titikan (ciri) jejer ing antawisipun inggih punika :
1) Minangka jawaban pitakenan sapa utawi apa
Tuladha : Doni sinau. Sapa sing sinau? Jawabanipun: Doni
Sepatune mlayu dhewe. Apa sing mlayu? Jawabanipun: sepatune
2) Saged ngginakaken tembung “iku” kejawi manawi jejeripun namaning tiyang,
nama dhiri (nagari, kitha, instansi) utawi pronomina (aku, kowe, dheweke) boten
prelu ngginakaken tembung “iku”.
Tuladha : Indonesia isih nandhang krisis.
Sepur iku nabrak bis.
3) Saged kaparingan katrangan pewates “sing” mapan sasampunipun jejer, nanging
kalamangsanipun jejer “sing” boten prelu kasebataken.
Tuladha : Bocah sing kaosan ijo lagi nangis.
Murid (sing) anyar kuwi saka Demak.
19
4) Saged kaparingan jenis-jenis tembung sanesipun tembung aran. Jejer boten
saged kadhisikan tembung ancer-ancer, namung tembung lan frasa sanes ugi
saged dados jejering ukara.
Pandhapuke jejer iku maneka warna, yaiku:
(1) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa aran.
Tuladha : Ana kirang tampil basa Jawi.
(2) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa kriya.
Tuladha : Mulang tari bisa nambah rejeki.
(3) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa kahanan.
Tuladha : Ayu durung mesthekake tumindhake becik.
(4) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa wilangan.
Tuladha : Panca iku wilangan gangsal.
(5) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa sesulih purusa.
Tuladha : Awake dhewe kudu saya sregep sinau.
Tuladha ukara ingkang jejeripun wonten ing tengah lan wekasaning ukara:
(1) Kanthi ulat peteng, Najwa nyapun plataran ngarepan.
(2) Marga mumet, Safriel mulih ndhisik.
(3) Alon-alon lan ngati-ati, Sintha nuntun adhine.
(4) Yen mangkono ditulis waekabeh welinge.
(5) Karo ngepit diklebat-klebatake genderane.
b. Wasesa
Wasesa utawi predikat punika perangan ingkang dados inti utawi punjering
ukara. Ukara ingkang tanpa wasesa boten saged kawastanan ukara, ananging kalebet
frasa. Miturut pranataning ukara, wasesa punika mapan sasampunipun jejer, dene
ingkang saged dados wasesa adhakanipun tembung utawi frasa kriya, namung
kalamangsanipun tembung sanes inggih saged.
Titikan (ciri) wasesa antawisipun :
(1) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa kriya.
Tuladha : Adhik nangis.
(2) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa kahanan.
Tuladha : regane larang
20
(3) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa aran.
Tuladha : Isine tas iku buku
(4) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa wilangan.
Tuladha : Wit jambu ing kebone embah putri seket wit.
(5) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa ancer-ancer.
Tuladha : Dwi menyang Demak karo Budhene.
c. Lesan
Lesan utawi objek punika badhe wonten menawi ukaranipun tanduk (kalimat
aktif). Ukara tangggap (kalimat aktif) boten anggadhahi lesan, jalaran lesan punika
perangan ukara ingkang gumantung wasesanipun. Dados lesan wonten ing ukara
manawi wasesanipun ukara, awujud tembung kriya tanduk.
Titikane (ciri) lesan ing antawisipun :
1) Dumunung wonten sawurining wasesa, ingkang awujud tembung kriya.
Tuladha :
(1) Celeng-celeng padha ngrusaki tanduran timun.
(2) Ibu mundhut sayuran.
(3) Bapak ngguyang sepedha motor.
2) Saged dados jejer manawi ukaranipun kaewahi dados ukara tanggap.
Tuladha :
(1) Tanduran timun dirusak celeng-celeng.
(2) Sayurane dipundhut ibu.
(3) Sepedha motore diguyang bapak.
d. Geganep
Geganep utawi pelengkap punika kalebet perangan ukara ingkang ginanipun
kangge njangkepi wasesa. Ukara ingkang wonten geganepipun punika padatan
wasesanipun awujud tembung kriya. Bentenipun geganep kaliyan lesan :
a) Lesan saged kadadosan jejeripun ukara tanggap,
b) Geganep boten saged kadadosaken jejer wonten ing ukara tanggap, saupamia
saged ukaranipun badhe ewah tegesipun. Ananging manawi sawingkingipun
21
wasesa wonten lesanipun, geganep dumunung wonten ing sisih tengenipun
lesan lan boten saged ngrumiyini lesan.
Tuladha :
(1) Adhiku kelangan dhuwit.
J W Gg
(2) Azka nyilihake adhine buku wacan.
J W L Gg
e. Katrangan (Panerang)
Katrangan punika perangane ukara ingkang boten baku, jalaran saged
kemawon boten wonten. Dunungipun saged ing ngajeng, pungkasan utawi ing
antawisipun jejer lan lesan. Jinisipun katrangan wonten ingkang nyebat babagan : a)
wekdal, b) papan, c) cara, d) pirantos, e) sebab, lan sapanunggalanipun.
Tuladha :
(1) Wingi kancaku ngrebut juwara basa Jawa.
(2) Fina nggarap tugas basa Jawa ing meja belajar.
(3) Kanthi teliti Farel nulis paragraf aksara Jawa.
(4) Rikha ngonceki pelem nganggo lading.
(5) Intan nggarap tugas geguritan amarga mati listrik.
B. FRASA
Miturut tatananipun, frasa kaperang dados kalih, inggih menika frasa
endosentrik lan frasa eksosentrik. Frasa endosentrik inggih menika frasa ingkang
namung nyebataken salah setunggaling peranganipun, nanging perangan ingkang
kasebataken kalawau saged minangka gegantosing perangan-perangan sanesipun.
Tuladhanipun:
(1) ember plastik abang.
(2) tape beras ketan.
(3) bocah lanang bagus.
Frasa eksosentrik inggih menika frasa ingkang salah satunggal
perangananipun boten saged dados gegantosing perangan sanesipun, utawi
22
perangan ingkang satunggal boten saged dados sesulihing perangan sanesipun.
Tuladhanipun:
(1) ing pasar
(2) saka Jepara
(3) menyang Jakarta
Adhedhasar jinisipun, frasa kaperang dados pitu, inggih menika:
(1) Frasa aran : klambi anyar, lemari kayu jati, dudu watu
(2) Frasa kriya : nembe tindak, badhe nedha, tilem ngorok
(3) Frasa kahanan : kudu sabar, bagus tenan
(4) Frasa wilangan : telung karung, limang bungkus
(5) Frasa katrangan : mung arep, kudu bisa
(6) Frasa sesulih : kula piyambak, panjenengan ugi
(7) Frasa ancer-ancer : saking Solo, dhateng Semarang, kagem panjenengan
C. KLAUSA
Klausa inggih menika rerangkening tembung ingkang saged ngudhar
sawijining gagasan utawi sawijining bab. Saboten-botenipun ing pacelathon utawi ing
pagineman, klausa menika kedah wonten wasesanipun (predikat). Ananging, ing basa
sinerat, klausa menika saboten-botenipun dumados saking jejer (subjek) lan wasesa
(predikat). Kajawi menika, klausa ugi saged malih dados ukara. Klausa saged kaperang
dados kalih, inggih menika klausa bebas lan klausa winates. Klausa bebas kaperang
malih dados tiga, inggih menika klausa transitif, klausa intransitif, lan klausa ekuatif.
Klausa winates ugi kaperang dados tiga, inggih menika klausa nominal, klausa
adjektival, lan klausa adverbial.
(a) Klausa bebas
1) Klausa transitif :
(1) Tini nulis layang.
(2) Tini nulisi bukune.
(3) Tini nulisake bapak layang.
2) Klausa intransitif :
(1) Dheweke lagi adus.
(2) Aku jam sewelas wis turu.
(3) Adhiku ngimpi.
23
3) Klausa ekuatif :
(1) Bapakku guru.
(2) Dheweke kancaku.
(3) Rambute kriting.
(b) Klausa winates :
1) Klausa nominal :
(1) buku (Sing dipundhut apa?)
(2) guru basa Jawa (Ibumu dadi apa?)
2) Klausa adjektival :
(1) legi banget (Piye rasane peleme mau?)
(2) bagus tenan (Piye sajake bocahe?)
3) Klausa adverbial :
(1) (anggone matur) ngati-ati banget
(2) (anggone maca) tliti tenan
D. UKARA LAMBA LAN UKARA CAMBORAN
Miturut akeh sethithike klausa, ukara bisa dibedakake dadi 2 jinis, yaiku ukara
lamba lan ukara camboran.
a. UKARA LAMBA
Ukara lamba iku dumadi saka saklausa, tegese ukara kasebut mung dumadi saka
jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan, geganep, utawa katrangan (Sasangka,
2011:181). Sabanjure ukara lamba kabedakake kaya mangkene:
1) Ukara Awasesa Kriya
Ukara awasesa kriya yaiku ukara kang ngandharake pakaryan, solah, utawa
tandang. Ukara awasesa kriya kapilah dadi loro, yaiku:
(1) Ukara Tanduk
Ukara tanduk utawa kalimat aktif, yaiku ukara kang wasesane awujud tembung
kriya tanduk, nggunakake wuwuhan ater-ater anuswara (m, n, ng, ny) lan
panambang -i utawa -ke. Jejer ing ukara tanduk biasane nindakake pakaryan
utawa dadi paraga, dene lesan ing ukara tanduk biasane dadi sasaran.
24
Tuladha:
(1) Adhiku / lagi nggawe / panganan / saka ketan.
J W L P
(2) Kangmasku / arep nonton / wayang kulit.
J W L
(3) Bu Wiwin / ndukani / putrane sing nakal.
J W L
(4) Haryanto / nglebokake / dhompete / ing sak mburi.
J W L K
(5) Sumarno / nukokake / adhine / klambi lurik.
J W L Gg.
(6) Adhiku / nangis.
J W
(7) Bebeke / ngendhog.
J W
(8) Suteja / ngguyu.
J W
Ukara (1-5) ing dhuwur wasesane diarane tembung kriya tanduk mawa lesan
(transitif) amarga mbutuhake anane lesan, dene ukara (6-8) wasesane diarani
tembung kriya tanduk tanpa lesan (intransitif) amarga ora mbutuhake anane lesan.
Ukara tanduk bisa kapilah dadi telung warna, yaiku (1) ukara kang watesing tebane
siji utawa ukara tanduk tanpa lesan, (2) ukara kang watesing tebane loro utawa ukara
tanduk mawa lesan, lan (3) ukara kang watesing tebane telu utawa ukara tanduk
mawa lesan sarta panggenah.
(2) Ukara Tanggap
Ukara tanggap kalimat pasif yaiku ukara kang wasesane awujud tembung
kriya tanggap, jejere dikenani pakaryan, diwuwuhi ater-ater ka-, dak-, ko-, di-,
utawa seselan -in-.
Tuladha:
(1) Adhiku / didukani / Pak Suta
J W Gg.
(2) Wacan iki / katulis / nalika ana Jakarta.
J W K
(3) Wong bodho / gampang kapusan.
J W
25
(4) Lungane Maryadi / tinangisan / anak bojone.
J W Gg
(5) Sega gorenge / arep dakpangan.
J W
(6) Wedhusmu iki / kokdol pira?
J W
Ukara tanduk mawa lesan manawa didadekake ukara tanggap, lesane owah dadi
jejer lan tembung kriya tanduk ing wasesane owah dadi kriya tanggap. Ukara
tanggap ora duwe lesan.
2) Ukara Awasesa Kahanan
Wasesaning ukara basa Jawa uga bisa awujud kahanan, kaya dene tuladha iki.
(1) Kandhane wong iku bener.
(2) Pak Rahmad ora rawuh.
3) Ukara Awasesa Aran
Ukara lamba awasesa aran yaiku ukara kang wasesane kedadeyan saka tembung
aran utawa gatra aran.
(1) Buntelan kae buku.
(2) Jarane Mas Syahrul.
(3) Klambine Rini.
4) Ukara Awasesa Wilangan
Ukara ing basa Jawa uga ana kang wasesane awujud gatra wilangan, kaya kang
ana ing tuladha ngisor iki.
(1) Sapine akeh.
(2) Gedhange patang tundhun.
5) Ukara Awasesa Ancer-Ancer
Ana ing pambanguning ukara bas Jawa, tembung utawa gatra ancer-ancer uga
bisa dadi wasesane ukara.
(1) Bocah iku ing sekolahan.
(2) Lungguh ing kursi.
(3) Lunga menyang Ngayogyakarta.
(4) Layang iki aturna marang bapak.
26
Pangrowane ukara lamba iku bisa kanthi cara muwuhi (1) prabot katrangan, (2)
prabot panyapa, sarta (3) prabot katrangan leliru.
b. UKARA CAMBORAN
Ukara camboran iku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih
(Sasangka, 2011:182). Panggabunge ukara gatra loro utawa luwih mujudake
dhedhapuran kang luwih rowa. Yen ukara lamba nduweni jejer lan wasesa mung siji,
ukara camboran wasesane bisa luwih saka siji.
1) Ukara Camboran Sajajar
Panggarbane ukara camboran sajajar, kanthi nggarba ukara gatra loro utawa
luwih kang antarane siji lan sijine tatarane padha utawa sejajar ing dhapur
angganing ukara. Tuladhane:
o Aku bisa nampa tekamu iki, nanging ora bisa nampa ancas tujuanmu sarta
kekarepanmu.
o Warjiman mider-mider golek panggawean apa bae, dene sedulur-sedulure ora
bisa biyantu.
Pandhapuke ukara camboran sajajar, yaiku:
(1) Umume, ukara gatra kang kawiwitan kanthi pangiket lan, utawa, apa dene
nanging papane ora bisa diowahi, utawa ora bisa mapan ing wiwitan ukara.
o Kowe kabeh kudu nyilih buku iki ing perpustakaan, utawa tuku ing toko
buku.
(2) Urutan kang tetep, kang ora bisa ngalami owah-owahan ing ukara camboran
sajajar, gayut karo panganggone sesulih purusa lan sesulih purusa lan sesulih
pandarbe.
o Dheweke seneng tembang macapat, nanging Parjan ora bisa nembangake.
(3) Salah sijining pangiket bisa kagandheng karo pangiket liyane, kang gunane
supaya luwih terange, mbangetake, utawa ngantebake wedharing gagasan ing
antarane ukara gatra siji lan sijine kang kagarba.
o Dheweke ora ngrumangsani salahe, lan malah ngrekadaya salahe wong liya.
(4) Ukara gatra-ukara gatra kang kagarba kanthi pangiket sajajar ora mratelakake
beda-bedane tatarane wedharing gagasan.
o Bocah iku lara ati lan nganyut tuwuh.
27
Wedharing gagasan ukara camboran sajajar ditemtokake dening surasane
pangiket lan surasane ukara gatra-ukara gatra kang kagarba. Wujude kaya mangkene:
(1) Rakitan Pratelan Muwuhi
Rakitan pratelan muwuhi yaiku rerakitan kang mratelakake muwuhi utawa
nggandheng kadadeyan, bisa mratelakake (1) sebab-akibat, (2) urutan wektu, (3)
cengkah, sarta mbangetake.
(2) Rakitan Pratelan Kosok Balen
Rakitan pratelan kosok balen yaiku rerakitan kang mratelakake manawa apa kang
kaandharake ing ukara kapisan kosok balen, utawa ora padha karo apa kang
kaandharake ing ukara kapindho. Kang mratelakake (1) mbangetake, (2)
kelakone kedadeyan, lan (3) muwuhi.
(3) Rakitan Pratelan Pilihan
Rakitan pratelan pilihan yaiku rerakitan kang ngandharake pilihan ing antarane
pilihan-pilihan kang ana kang diandharake ing ukara gatra-ukara gatra kang
rinakit. Kaperang dadi (1) rakitan pilihan kang mratelakake cecengkahan, lan (2)
rakitan pilihan kang mratelakake milih salah siji.
2) Ukara Camboran Sungsun
Yaiku ukara camboran kang karakit kanthi cara sungsun darbe ukara gatra kang
dadi anggane ukara gatra liyane.
o Bapak ngendikake manawa pak Lik mundhutake sepedha motor putrane wingi
sore.
Pandhapuke ukara camboran sungsun kaya mangkene:
(1) Pangrakite ukara camboran sungsun, kanthi nggarba ukara gatra loro utawa
luwih kang salah sijine ukara gatrane dadi prabote ukara gatra liyane.
o Bapake tetep mbelani anake sebab anake ora salah ing perkara iku sawise
polisi nakoni bocah iku.
(2) Umume mapane ukara gatra kang kawiwitan pangiket bisa owah gingsir.
o Sadurunge polisi nindakake, aku lan kowe kabeh aja grusa-grusu
tumindak ayahane.
28
(3) Panggonane sesulih purusa lan sesulih pandarbe bisa ndhisiki sesulihe aran kang
dadi bebakune.
o Sanajan dheweke seneng tembang macapat, Parjana ora bisa
nembangake.
(4) Ukara gatra kang mapane ing sawise pangiket, wedharing gagasane utawa
andharane kaanggep ora dipentingake, dene ukara gatra liyane ngandharake
bebakune wedharing gagasan ukara mau.
o Bocah iku nganyut tuwuh sebab lara ati.
(5) Ukara gatra pang kang karakit kanthi pangiket umume bisa diganti nganggo
tetembungan utawa gatra tartamtu, kang wedharing gagasane padha karo ukara
pang mau.
o Aku ora ngerti kapan dheweke arep pindah.
o Aku ora ngerti pindahe.
Wedharing gagasan panggarbane ukara gatra ing ukara camboran sungsun uga
ditemtokake dening jinising pangiket lan wedharing gagasan ing ukara gatra-ukara
gatra kang kagarba. Tuladhane:
o Aku ngajak kowe sebab kowe ora nakal.
Jinising pangiket lan wedharing gagasan ing ukara gatra-ukara gatra kang kagarba,
kaya ta:
(1) Rakitan Pratelan Titi Mangsa
Rakitan titi mangsa bisa kaperang maneh dadi (a) titi mangsa kang
mratelakake wiwitane kadadeyan, (b) titi mangsa kang mratelakake wektune
bebarengan karo kedadeyane, (c) titi mangsa kang mratelakake urutane
kadadean, lan (d) titi mangsa kang mratelakake pungkasane kadadeyan.
(2) Rakitan Pratelan Sarat utawa Janggelan
Rakitan pratelan sarat utawa janggelan iku ana ing ukara camboran sungsun,
kang ukara gatra pange ngandharake sarat utawa janggelan kelakone
kedadeyan kang kasebut ing ukara delege (lajere utawa bakune).
o Yen ora koawat-awati, dheweke bisa salah dalan.
29
(3) Rakitan Pratelan Saupama utawa Mungguh
Rakitan pratelan saupama utawa mungguh iku ana ing ukara camboran
sungsun, kang ukara gatra pange ngandharake upama kelakone kedadeyan
kang kaandharake ing ukara gatra delege.
o Manawa aturku iki mau dora, aku wani disumpah pocong.
(4) Rakitan Pratelan Panggenah
Rakitan pratelan panggenah iku, ukara gatran pange nggenahake apa kang
kaandharake ing kriyane ukara gatra delege utawa ing jejere.
o Bukti iki wis bisa nuduhake manawa dheweke tau duwe urusan karo polisi.
(5) Rakitan Pratelan Pepadhan
Rakitan pratelan pepadhan ing ukara camboran sungsun kang ukara gatra
pange mratelakake pepadhan, sairib, saemper, utawa pilihan antarane apa
kang kaandharake ing ukara gatra deleg karo kang kaandharake ing ukara
gatra pang.
o Pak Broto nresnani ponakane kaya dheweke nresnani anake.
(6) Rakitan Pratelan Karana utawa Alasan
Rakitan pratelan karana utawa alasan kedadeyan ing ukara camboran sungsun
kang ukara gatra pange mratelakake karana utawa alasane anane kadadeyan
kaya kang kaandharake ing ukara gatra deleg.
o Kabeh sedulur wajib dibekteni sebab dadi gegentine wong tuwa.
(7) Rakitan Pratelan Pangajab utawa Pamurih
Rakitan pratelan pangajab utawa pamurih kedadeyan ing ukara camboran
sungsun kang ukara gatra pange mratelakake pangajab utawa pamurih saka
apa kang kaandharake ing ukara gatra deleg.
o Buku iki disimpen ana lemari bae kareben ora ilang.
(8) Rakitan Pratelan Temahan
Rakitan pratelan temahan kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang ukara
gatra pange mratelakake temahan utawa wusanane saka apa kang
kaandharake ing ukara gatra deleg.
o Sasmita wingi kodanan mulane saiki dheweke lara pilek.
30
(9) Rakitan Pratelan Sarana utawa Piranti
Rakitan pratelan sarana utawa piranti kedadeyan ing ukara camboran sungsun
kang ukara gatra pange mratelakake apa-apa kang dianggo lantaran utawa
piranti kaya apa kang kaandharake ing ukara gatra deleg.
o Dheweke golek iwak kanthi migunakake jala.
(10) Rakitan Pratelan Luwih utawa Ora Lumrah
Rakitan pratelan luwih utawa ora lumrah kedadeyan ing ukara camboran
sungsun kang ukara gatra pange mratelakake ora ngowahi apa-apa kang
kaandharake ing ukara gatra deleg, nanging darbe surasa mbangetake, luwih,
utawa lumrah.
o Sanajan toh pati, aku tetep tresna marang dheweke.
(11) Rakitan Pratelan Pepangkatan
Rakitan pratelan pepangkatan yaiku rerakitan kanthi ciri anane tembung sing
utawa kang. Kaperang dadi rong warna (1) pepangkatan winates lan (2)
pepangkatan tanpa watesan.
o Sedulure sing manggon ing Jombang mati wingi sore.
(12) Rakitan Pratelan Tetandhingan
Rakitan pratelan tetandhing kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang
ukara gatra pange lan ukara gatra delenge darbe prabot kang padha kang
kaanane imbang utawa ora imbang.
(13) Rakitan Pratelan Pangarep-arep
Rakitan pratelan pangarep-arep ing ukara camboran sungsun ngandharake
pangarep-arep supaya apa kang kaandharake ing ukara gatra pang bisa dadi
kanyatan.
3) Ukara Camboran Raketan
Ing ukara camboran bisa kadadeyan anane raketan praboting ukara. Prabot
kang bisa karaketake yaiku, jejer, wasesa, lesan, utawa panggenah. Wujud
pandhapuke ukara camboran raketan, yaiku:
(1) Ukara Raketan Jejer
Wiwit cilik, dheweke wis kulina urip sengsara.
(2) Ukara Raketan Wasesa
31
- Aku ora ngerti.
- Dheweke ora arep melu.
- Aku ora ngerti dheweke arep melu apa ora.
32
DAFTAR PUSTAKA
Mulyana. 2007. Morfologi Bahasa Jawa(Bentuk dan Struktur Bahasa Jawa).
Yogyakarta: Kanwa Publisher.
Padmosoekotjo, S. 1989. Paramasastra Djawa. Surabaya: PT Citra Jaya Murti
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B.Wolteres Groningen.
Rahardi, Kunjana. 2001. Kajian Sosiolinguistik. Jakarta: Ghalia Indonesia
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa
Jawa.Jakarta: Yayasan Paramadina.
Setyanto, Aryo Bimo. 2007. Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka.
Subagya, Rahmad.2011. Titi Ukara Basa Jawa. Surabaya: Bintang Surabaya.
Sudarayanto. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogjakarta: Badan Pekerja Kongres
Bahasa Jawa.
_________, 2001. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Badan Pekerja
Kongres.
Tanpa nama. 1946. Karti Basa. Jakarta:Kementerian PP dan К .
Wedhawati, dkk. 2006. Tata Bahasa Jawa Mutakhir Edisi Revisi. Yogyakarta: Kanisius.