SKRIPSI · SKRIPSI KAENDAHANING SYAIR TEMBANG INGKANG KASEKARAKEN PARAGA PENTHUL LAN BEJER WONTEN...
Transcript of SKRIPSI · SKRIPSI KAENDAHANING SYAIR TEMBANG INGKANG KASEKARAKEN PARAGA PENTHUL LAN BEJER WONTEN...
KAENDAHANING SYAIR TEMBANG
INGKANG KASEKARAKEN PARAGA PENTHUL LAN BEJER
WONTEN ING KESENIAN JATHILAN DUSUN SUKAWERA
DESA TLAGASANA KECAMATAN WATUKUMPUL
KABUPATEN PEMALANG
SKRIPSI
IMAN WALUYO SANTOSO
NPM 06430014
FAKULTAS PENDIDIKAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
KAENDAHANING SYAIR TEMBANG
INGKANG KASEKARAKEN PARAGA PENTHUL LAN BEJER
WONTEN ING KESENIAN JATHILAN DUSUN SUKAWERA
DESA TLAGASANA KECAMATAN WATUKUMPUL
KABUPATEN PEMALANG
SKRIPSI
Dipunajengaken dhumateng IKIP PGRI Semarang
kangge njangkepi salah satunggaling syarat kangge mungkasi
Program Sarjana Pendidikan
IMAN WALUYO SANTOSO
NPM 06430014
FAKULTAS PENDIDIKAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
SKRIPSI
KAENDAHANING SYAIR TEMBANG
INGKANG KASEKARAKEN PARAGA PENTHUL LAN BEJER
WONTEN ING KESENIAN JATHILAN DUSUN SUKAWERA
DESA TLAGASANA KECAMATAN WATUKUMPUL
KABUPATEN PEMALANG
Ingkang dipunanggit lan dipunajengaken dening
Iman Waluyo Santoso
NPM 06430014
Sampun dipunsarujuki dening pambimbing
kangge dipunujekaken wonten ing ngajengipun Dewan Penguji.
Semarang, 20 Agustus 2010
Pembimbing I Pembimbing II
Dr. Bengat Sunarya, S.S.
NPP 084301217 NPP 096801243
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
PANGESAHAN
SKRIPSI
KAENDAHANING SYAIR TEMBANG INGKANG KASEKARAKEN
PARAGA PENTHUL LAN BEJER WONTEN ING KESENIAN JATHILAN
DUSUN SUKAWERA DESA TLAGASANA KECAMATAN WATUKUMPUL
KABUPATEN PEMALANG
ingkang dipunserat lan dipunajukaken dening:
Iman Waluyo Santoso
NPM 06430014
sampun dipunkukuhaken ing ngajeng Dewan Penguji
Dinten Jumat Surya kaping 20 Agustus 2010
Lan dipunpratelakaken njangkepi syarat
Panitya Ujian
Pangarsa, Panyitra,
Dra. Sri Suciati, M.Hum Dra. HR. Utami, M.Hum.
NIP 196503161990032002 NPP 906301071
Anggota Penguji:
1. Dr. Bengat. (.............................................)
NPP 084301217
2. Sunarya, S.S. (.............................................)
NPP 096801243
3. Totok Yasmirann, S.S. (.............................................)
NPP 0608027003
SESANTI LAN PISUNGSUNG
SESANTI
1. Begja-begjane kang lali
luwih beja kang eling lawan waspada(R. Ng. Rangga Warsita)
2. Ilmu kang ora diamalke pindha wit tanpa woh (Al Hadist)
3. Lamun sira darbe penguwasa aja sira luru aleman, jalaran iku mau
bakal ketemu pituase kang ora prayoga
4. Ajining dhiri saka ing lathi
Ajining awak saka tumindak
PISUNGSUNG
1. Kagem bapak saha ibu ingkang tansah
kula bekteni.
2. Kagem Sigaraning nyawaku, Diajeng
Siswanti ingkang kinasih.
3. Kagem Putra kinasih ananda Wildan
ingkang tansah kula tresnani.
4. Kanca-kanca kelas A angkatan 2006.
5. Punakawan.
6. Almamaterku.
ATUR CECALA
Sedaya puja pudyastuti konjuk dhumateng Gusti ingkang Amurba
Amasesa ingkang sampun paring pitedah saha pituduh, rahmat tuwin hidayah-
Ipun, saengga skripsi ingkang irah-irahanipun “Kaendahan ing Syair Tembang
ingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan
Dusun Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang”
punika saged purna kanthi sae lan jumbuh kaliyan wekdal ingkang sampun
katamtokaken.
Sadangunipun nyerat skripsi punika panyerat kathah pambiyantu saking
kathah pihak awujud pitedah, pituduh saha bimbingan. Pramila atur panuwun
ingkang tanpa pepindhan kaaturaken dhumateng ingkang kinurmatan:
1. Muhdi, S.H., M.Hum., Rektor IKIP PGRI Semarang ingkang sampun kersa
paring idin nyerat skripsi.
2. Dra. Sri Suciati, M.Hum, Dekan Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP
PGRI Semarang ingkang sampun paring idin nyerat skripsi.
3. Dra. HR. Utami, M.Hum., Kaprogdi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP
PGRI Semarang ingkang sampun kersa paring idin nyerat skripsi.
4. Dr. Bengat., Dosen Pembimbing I ingkang sampun kersa paring pitedah,
pituduh tuwin pamrayogi saengga skripsi punika saged purna.
5. Sunarya, S.S., Dosen Pembimbing II ingkang sampun kersa paring pitedah lan
pituduh sarta bimbingan saengga skripsi punika saged purna.
6. Sedaya Dosen IKIP PGRI Semarang ingkang sampun paring ngelmu ingkang
mupangat lan migunani.
7. Sedaya pihak ingkang sampun kersa paring pambiyantu ngrampungaken
skripsi punika ingkang boten saged kasebataken setunggal baka setunggal.
Mugia Gusti ingkang Maha Asih paring kanugrahan dhumateng sedaya
pihak ingkang sampun kersa paring pambiyantu lan paring pamrayogi. Skripsi
punika taksih dereng sampurna, pramila pamrayogi tuwin panyaruwe tansah
katampi kanthi wiyaripun penggalih.
Semarang, Agustus 2010
Panyerat
SARI PATHI
Iman Waluyo Santoso. NPM 06430014. Skripsi kanthi irah-irahan Kaendahan ing
Syair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wonten
ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan
Watukumpul Kabupaten Pemalang. Skripsi. Program Studi Pendidikan
Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. Institut
Keguruan dan Ilmu Pendidikan PGRI Semarang. 2010. Pembimbing I: Dr.
Bengat. Pembimbing II: Sunarya, S.S..
Tembung wos: kaendahan lan syair tembang.
Panaliten punika ngrembag kaendahan ing syair tembang ingkang
kasekaraken paraga Penthul lan Bejer wonten ing kesenian Jathilan ing dusun
Sukawera desa Tlagasana kecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang.
Momotan panalitenipun Kados punapa wujud syair ingkang kasekaraken paraga
Penthul lan Bejer wonten ing kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana
kecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang?Kados punapa kaendahan ing syair
tembang ingkang kasekaraken paraga Penthul lan Bejer wonten ing kesenian
Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana kecamatan Watukumpul kabupaten
Pemalang? Ancasipun panaliten ngandharaken kados punapa wujud sarta
kaendahan ing syair tembang ingkang kasekaraken paraga Penthul lan Bejer
wonten ing kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana kecamatan
Watukumpul kabupaten Pemalang. Tembang punika unik jalaran pamilihing
tembungipun migunakaken rerangkening basa-basa endah ingkang kasusun kanthi
migatosaken syair sarta makna ingkang badhe kaandharaken.
Teori ingkang kaginakaken inggih punika saking Padmosoekatja ingkang
ngandharaken bilih Basa endah inggih punika basa mawi rerenggan ingkang
mapan trapipun. Tumraping basa Jawi ingkang saged dados rerengganipun basa
wonten maneka warni kadosta: purwakanthi, tembung saroja, parikan, pepindhan,
dwi lingga, lelewaning basa lan sapanunggalanipun. Ing tembang kasebat kathah
katemokaken basa-basa endah kadosta purwakanthi, tembung saroja, parikan,
pepindhan, dwilingga lan lelewaning basa.
Metodhe ingkang dipunginakaken deskriptif kualitatif amargi objek
ingkang dipuntliti arupi ukara ingkang ngandhut kaendahan salebeting syair
tembang. Ancasipun supados saged maringi gambaran babagan kendahan
salebeting syair tembang ingkang kasekaraken ing kesenian Jathilan. Anggenipun
ngempalaken dhata ing panaliten punika migunakaken metodhe observasi,
wawancara, dokumentasi. Jlentrehipun analisis asil dhata, panyerat ngginakaken
metodhe informal, kanthi metodhe punika anggenipun ngandharaken asil analisis
dhata dipuntindakaken kanthi deskripsi khas verbal migunakaken tembung-
tembung sarta boten mawi lambang-lambang.
Awewaton analisis panaliten punika, Kaendahan syair tembang ingkang
asring kaprangguli awujud panganggenipun purwakanthi, (purwakanthi guru
swara, purwakanthi sastra, lan purwakanthi lumaksita). Purwakanthi kasebat
kaginakaken kangge nyeragamaken syair tembang saengga endah nalika
dipunpirengaken. Lelewaning basa (aliterasi, asonansi, anadiplosis, lan tautoles)
kaginaken minangka seninipun abasa saha cara kangge ngandharaken makna
salebeting tembang kasebat, tembung dwilingga (dwilingga wutuh lan dwilingga
salin swara), tembung saroja kaginakaken kangge nyalarasaken syair mawi
rerangken tembung ingkang endah lan pepindhan kaginakaken minangka
pepadhan nalika ngandharaken satunggaling makna salebeting tembang kasebat,
dene paribasan, bebasan lan saloka boten kaprangguli ing panaliten kasebat.
ABSTRAK
Iman Waluyo Santoso. NPM 06430014. Skripsi dengan judul Kaendahan ing
Syair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wonten
ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan
Watukumpul Kabupaten Pemalang. Skripsi. Program Studi Pendidikan
Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. Institut
Keguruan dan Ilmu Pendidikan PGRI Semarang. 2010. Pembimbing I: Dr.
Bengat. Pembimbing II: Sunarya, S.S..
Kata Kunci: kaendahan dan syair tembang.
Penelitian ini membahas keindahan dalam syair lagu yang dinyanyikan
tokoh Penthul dan Bejer dalam kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana
kecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang. Rumusan masalahnya adalah
bagaimana wujud syair lagu yang dinyanyikan tokoh Penthul dan Bejer dalam
kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana kecamatan Watukumpul
kabupaten Pemalang? Bagaimana keindahan syair lagu yang dinyanyikan tokoh
Penthul dan Bejer dalam kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana
kecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang? Tujuan penelitian ini adalah
memberi gambaran wujud dan keindahan syair lagu yang dinyanyikan tokoh
Penthul dan Bejer dalam kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana
kecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang. Lagu itu unik karena pilihan
katanya menggunakaran rangkaian bahasa-bahasa yang indah yang disusun
dengan memperhatikan syair serta makna yang akan disampaikan.
Teori yang digunakan adalah dari Padmosoekatja yang menjelaskan bahwa
bahasa indah adalah bahasa dengan keindahan sesuai dengan tempatnya. Dalam
bahasa jawa keindahan bahasa ada beraneka ragam seperti: purwakanthi, tembung
saroja, parikan, pepindhan, dwi lingga, lelewaning basa dan sebagainya. Dalam
lagu tersebut banyak ditemukan bahasa-bahasa indah seperti purwakanthi,
tembung saroja, parikan, pepindhan, dwilingga lan lelewaning basa.
Metodhe yang digunakan adalah deskriptif kualitatif sebab objek yang
diteliti berupa kalimat yang mengandung unsur keindahan. Tujuannya agar dapat
memberi gambaran tentang keindahan Syair lagu yang dinyanyikan tokoh Penthul
dan Bejer dalam kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan
Watukumpul Kabupaten Pemalang. Pengumpulan dhata dilakukan dengan metode
observasi, wawancara, dokumentasi. Pemaparan hasil analisis data menggunakan
metode informal, dengan deskripsi khas verbal berupa kata-kata serta tidak
menggunakan lambang-lambang.
Dari hasil penelitian, keindahan syair tembang yang ditemukan berupa
penggunaan purwakanthi, (purwakanthi guru swara, purwakanthi sastra, dan
purwakanthi lumaksita) Purwakanthi digunakan untuk menyeragamkan syair lagu
sehingga terasa indah ketika didengarkan, gaya bahasa (aliterasi, asonansi,
anadiplosis, dan tautoles) digunakan sebagai seni berbahasa serta cara untuk
menjelaskan makna dalam suatu lagu, kata ulang (dwilingga wutuh lan dwilingga
salin swara), tembung saroja digunakan untuk menyelaraskan syair menggunakan
rangkaian kata-kata yang indah, dan pepindhan digunakan sebagai perumpamaan
ketika menjelaskan suatu makna/ pesan dalam sebuah lagu, sedangkan paribasan,
bebasan dan saloka tidak ditemukan dalam penelitian ini.
DHAPTAR ISI
IRAH-IRAHAN ............................................................................................... i
KACA PASARUJUKAN ................................................................................ ii
PANGESAHAN ............................................................................................... iii
SESANTI LAN PISUNGSUNG ...................................................................... iv
ATUR CECALA .............................................................................................. v
SARIPATHI ..................................................................................................... vii
ABSTRAK ....................................................................................................... ix
DHAPTAR ISI ................................................................................................. xi
BAB I PURWAKA ................................................................................. 1
A. Pawadaning Perkawis............................................................ 1
B. Momotaning Prekawis .......................................................... 4
C. Ancasipun Panaliten .............................................................. 4
D. Mupangatipun Panaliten........................................................ 5
E. Panandhesing tembung.......................................................... 6
F. Metodhe Panaliten…………………………………………. 7
1. ................................................................................... Anca
nganipun Panaliten………………………………… ....... 7
2. ................................................................................... Dunu
ngipun Panaliten…………………………………… ....... 7
3. ................................................................................... Sasar
an Panaliten………………………………………… ...... 8
4. ................................................................................... Dhat
a lan Sumber Dhata…………………………………. ..... 8
5. ................................................................................... Tekni
k Pangempalan Dhata……………………………… ....... 8
6. ................................................................................... Tekni
k Ngolah Dhata…………………………………… ........ 10
G. Tatarakiting Panyeratanipun Skripsi ..................................... 13
BAB II LANDHESAN TEORI .............................................................. 14
A. Kesenian ................................................................................ 14
B. Kesenian Tradisional ............................................................. 16
C. Kesenian Jathilan .................................................................. 18
D. Basa Endah (basa estetis)…………………………….......... 19
E. Lelewaning Basa…………………………………………… 25
BAB III ANALISIS DHATA ................................................................... 34
A. Wujudipun Tembang ............................................................. 34
B. Analisis Dhata ……………………………………………… 38
1. Purwakanthi .................................................................... 38
2. Tembung Saroja .............................................................. 50
3. Parikan............................................................................. 50
4. Pepindhan ........................................................................ 52
5. Tembung Dwilingga........................................................ 53
6. Bebasan, Paribasan, Saloka ............................................. 55
7. Lelewaning Basa ………………………………………. 55
BAB IV PANUTUP .................................................................................. 59
A. Dudutan ................................................................................. 59
B. Pamrayogi ............................................................................. 60
Kapustakan ....................................................................................................... 62
Lampiran .......................................................................................................... 63
BAB I
PURWAKA
A. Pawadaning Perkawis
Kabudayan mujudaken sedaya system gagasan, tumindak lan asil
pakaryan manungsa salebeting pagesangan ing bebrayan ingkang
kadadosaken kagunan kanthi sinau. Koentjaraningrat (1980: 85)
ngandharaken bilih kabudayan kapantha dados tiga, inggih punika
sepisan wujud kabudayan minangka satunggaling kompleks ide, gagasan,
nilai, norma lan tatanan. Kaping kalih wujud kabudayan minangka
sawijining kompleksitas tumindak manungsa ingkang nggadhahi pola
salebeting bebrayan, lan kaping tiga wujud kabudayan minangka barang
asil pakaryan manungsa.
Saking kaca antropologi, kabudayan katingali minangka unsur
ingkang terintegrasi, ingkang sedaya unsur kasebat unsur-unsur
kabudayan ingkang asipat universal (cultural universals), tegesipun
sadhengah unsur kabudayan punika wonten lan saged kaprangguli ing
sedaya kabudayan ing donya. Kuntjaraningrat (1980: 87) mantha unsur
kabudayan kasebat dados pitu, inggih punika: basa, sistem pengetahuan,
organisasi sosial, sistem peralatan dan teknologi, sistem mata
pencaharian, sistem religi/kapitadosan, lan kesenian.
Kesenian minangka karya utawi asil simbolisasi manungsa
mujudaken samukawis ingkang misterius. Sinaosa mekaten, kanthi
universal, menawi ngrembag babagan kesenian, priyantun badhe
langsung terimaginasi kaliyan istilah endah.
Kangge mahami konsep kesenian, salebeting pirembagan punika,
Abdullah (1981:8-12) ngandharaken bilih wujuding kesenian punika
komunikatif. Seni mujudaken setunggal saking pinten-pinten cara kagem
mengomunikasikaken samukawis. Seniman makarya kanthi ancas
nularaken lan mengomunikasikaken kesan lan pengalaman subjektif
ingkang pengaji tumrap audience. Punika kawiwitan saking imaginasi
kreatif ingkang kawujudaken salebeting satunggaling karya ingkang
nggadhahi isi, saengga kesamar salebeting satu kesatuan analisis
ngengingi kesadaran lan kanyatan.
Jathilan (jaran kepang) minangka asil karya seni mujudaken system
komunikasi saking bentuk lan isinipun. Bentuk arupi realitas gerak,
musik, busana, property, lan peralatan (ubarampen) kanthi visual
ketingal dening mata (dening Lavi Strauss punika dipusebat struktur
lahir utawi surface structure (Ahimsa, 2001:61). Ananging isi ingkang
arupi ancas, pangajab, gegayuhan mujudaken komunikasi maya ingkang
namung saged dipunmangertosi dening bebrayan ingkang nyengkuyung
kabudayan kasebat. Babagan punika kasebabaken simbol-simbol
fisualipun namung dipunmangertosi lan dipunsarujuki dening bebrayan
panyengkuyung kabudayan punika. Simbol-simbol ingkang kaaturaken
lumantar komunikasi maya punika dening paham strukturalisme
dipunsebat struktur batin utawi deep structure (Ahimsa, 2001:6163).
Sesambetan kaliyan babagaan kasebat, kesenian minangka unsur
kabudayan boten namung katingali minangka asil ciptaan awujud barang,
karya manungsa, ananging ing babagan punika langkung katingal
minangka satunggaling symbol, lambang ingkang ngandharaken
samukawis saengga sesambetan kaliyan makna lan pesen. Karya seni
adalah hasil simbolisasi manusia maka prinsip penciptaan seni
merupakan pembentukan simbol dan pembentukan simbol bersifat
abstraksi (Langer, 1957, Hadi, 2006:25).
Tembang mujudaken sawijining perangan saking kesenian jathilan.
Tembang kasebat padatan kasekaraken dening paraga ingkang sinebat
Penthul lan Bejer. Paraga kasebat minangka panglipur ingkang kajibah
ngregengaken swasana kanthi tembang saha solah bawa ingkang
nengsemaken sarta nggumujengaken. Tembang punika saged awujud
tembang wajib ing kesenian jathilan ingkang boten saged kalirwakaken
kadosta “Jathilan”, “Jalak Ijo”, Ayak-ayak”, “Sampak 9”, “Manyar
Sewu”, lan “Kanca Tani”. Tembang punika mujudaken ruhing kesenian
jathilan, pramila boten pareng kalirwakaken.
Awit saking andharan ing ngginggil pramila panyerat badhe
ngawontenaken panaliten kanthi sesirah “Kaendahan ing Syair Tembang
ingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wonten ing Kesenian
Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan Watukumpul
Kabupaten Pemalang”.
B. Momotan Perkawis
Adhedasar andharan ing nginggil saged dipunrumusaken perkawis
kados mekaten:
1. Kados punapa wujud syair ingkang kasekaraken paraga Penthul
lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa
Tlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang?
2. Kados punapa Kaendahan ing Syair Tembang ingkang
Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wonten ing Kesenian
Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan
Watukumpul Kabupaten Pemalang?
C. Ancasipun Panaliten
Ancas panaliten punika nun inggih kagem ngandharaken kados
punapa
1. Wujud syair ingkang kasekaraken paraga Penthul lan Bejer
wonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana
Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang.
2. Kaendahan ing Syair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga
Penthul lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera
Desa Tlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang.
D. Mupangatipun Panaliten
Mupangatipun panaliten punika kaperang dados mupangat teoritis lan
mupangat praktis.
1. Mupangat Teoritis
Panaliten punika dipunkajengaken saged nambah khasanah
kawtuh mliginipun babagan kabudayan jawi.
2. Mupangat Praktis
Panaliten punika dipunkajengaken saged ndherek
ngrembakaken saha nguri-uri kabudayan jawi.
E. Panandhesing Tembung
1. Kaendahan
Kaendahan inggih punika sipat-sipat utawi kawontenan
ingkang endah, peni, nengsemaken.
2. Syair
Syair mujudaken karya sastra awujud geguritan ingkang saben
pada nggadhahi sekawan gatra ingkang dipunpungkasi kaliyan
suwanten ingkang sami.
3. Tembang
Tembang inggih punika ragam suwanten ingkang nggadhahi
titilaras (irama) nalika maos, nembang, lan sapanunggalanipun.
4. Kesenian
Kesenian adalah segala perbuatan manusia yang timbul dari
hidup perasaannya dan bersifat indah, hingga dapat
menggerakkan jiwa perasaan manusia.
5. Jathilan
Kesenian Jathilan merupakan kesenian tradisional kerakyatan
yang ditarikan oleh empat, enam, delapan orang bahkan lebih yang
masing-masing penari menunggang kuda tiruan yang dibuat dari
anyaman bambu yang disebut kepang dan cambuk atau pedang kayu
yang melakukan gerak seperti berperang.
F. Metodhe Panaliten
1. Ancanganing Panaliten
Panaliten punika migunakaken pendekatan kualitatif, ingkang
asipat deskriptif, ingkang paring gambaran kanthi cepet ngengingi
satunggaling individu, kawontenan, gejala uawi pepantahan tartamtu.
Kados ingkang kaandharaken Hebert (ing Koentjaraningrat, 1983:
30-32), bilih maksud saking panaliten diskriptif inggih punika
namung kagem paring gambaran ingkang trep saking satunggaling
gejala lan wosing kawigatosan inggih punika pengaturan ingkang
cermat saking setunggal utawi langkung variable terikat salebeting
satunggaling pepanthan warga tartamtu. Panaliten diskriptif kualitatif
miturut Rahman (1993: 108), inggih punika prosedur panaliten yang
menggunakan data diskriptif berupa kata-kata tertulis atau lisan dari
orang-orang dan perilaku yang dapat diamati. Panaliten punika
migunakaken pendekatan kualitatif jalaran badhe mendeskripsikaken
Kaendahan ing Syair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga Penthul
lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa
Tlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang ingkang
saged dipunjingglengi.
2. Dununging Panaliten
Dununging panaliten inggih punika dusun Sukawera desa
Tlagasana kecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang Jawa
Tengah. Penulis milih dusun Sukawera minangka lokasi panaliten
jalaran Dusun Sukawera mujudaken salah satunggal desa ingkang
taksih nggadhahi kesenian Jathilan lan taksih aktif damel
pertunjukan.
3. Sasaran Panaliten
Ingkang dados sasaran salebeting panaliten kesenian Jathilan
inggih punika: Kaendahan ing Syair Tembang ingkang Kasekaraken
Paraga Penthul lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan Dusun
Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten
Pemalang.
4. Dhata lan Sumber Dhata
a. Dhata Panaliten
Dhata panaliten punika awujud tetembungan utawi ukara
ingkang endah salebeting syair tembang ingkang kasekaraken
Paraga Penthul lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan Dusun
Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten
Pemalang. saha katrangan saking referensi buku ingkang
sesambetan.
b. Sumber Dhata
Sumber dhata panaliten punika awujud teks syair tembang
ingkang kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wonten ing
Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan
Watukumpul Kabupaten Pemalang.
5. Teknik Pangempalan Data
Teknik pangempalan dhata ingkang kaginakaken arupi dhata
kualitatif, inggih punika pangempalan dhata ingkang boten
migunakaken etungan angka, ananging adhedhasar kanyatan ingkang
ingkang saged kaprangguli lumantar: (1) Observasi; (2) Wawancara;
(3) Teknik Dokumen.
a. Observasi
Observasi inggih punika panaliten tumrap satunggaling
objek. Dene jinis panaliten ingkang kaginakaken salebeting
panaliten punika nun inggih observasi berpartisipan. Salebeting
panaliten panyerat boten turut aktif salebeting kagiyatan lan tugas
ingkang katindakaken dening subjek, ananging panyerat namung
ngawoontenaken panaliten kagem mendhet dhata.
b. Wawancara
Wawancara adalah percakapan dengan maksud tertentu.
Percakapan dilakukan oleh dua pihak, yaitu pewawancara atau
tervieuer, yang mengajukan pertanyaan dan yang diwawancarai
atau interviewee, yang memberikan jawaban dari pertanyaan
yang diajukan (Moleong, 1998: 115).
Salebeting panaliten punika, panyerat migunakaken kalih
wawancara, inggih punika wawancara terarah lan wawancara
boten terarah. Miturut Danajaya ing Sedyawati (1984: 118-119)
mratelakaken bilih kagem kaperluan panaliten tari saged
kaginakaken kalih jinis wawancara, inggih punika wawancara
terarah lan wawancara boten terarah. Wawancara boten terarah
mujudaken wawancara bebas, santai lan paring kalodhangan
sawutuhipun dhumateng informan ingkang kaperlukaken.
Wawancara punika kaginakaken ing tahap wiwitan panaliten
kanthi ancas kagem pados katrangan sacara umum, inggih punika
katrangan ingkang boten dinuga lan boten saged dipunmangertosi
menawi migunakaken wawancara terarah. Dene wawancara
terarah nggadhahi ancas mangertosi sedaya samukawis ingkang
sipatipun lebet kados ingkang sampun karumusaken ing perkawis
ingkang badhe dipunrembag.
Wawancara kantindakaken langsung kanthi aben ajeng
antawisipun informan lan pewawancara. Babagan punika
nggadhahi ancas supados informasi ingkang kaperlukaken saged
langsung dipunwangsuli dening informan.
c. Teknik Dokumentasi
Dokumentasi kaperlukaken sanget salebeting panaliten
kagem nambah informasi lan kawruh ingkang kaandharaken
informan. Miturut Guba lan Lincoln (ing Moleong, 2002: 16)
ngandharaken bilih dokumentasi adalah setiap bahan tertulis
ataupun film yang tidak dipersiapkan karena adanya permintaan
seorang penyidik.
Teknik dokumentasi inggih punika teknik pangempalan
dhata kanthi cara pados sumber informasi ingkang wonten
gegayutanipun kaliyan panaliten arupi dokumen poto lan
cathetan-cathetan nalika saderengipun pertunjukan kagem
panaliten lumampah menapa dene poto asil rekaman pertunjukan
ingkang dipungadhahi dening sumber kasebat.
6. Teknik ngolah dhata
Teknik analisi dhata nggadhahi ancas ngurutaken dhata ing pola,
kategori, lan satuan uraian dhasar satemah saged dipunprangguli
underaning prakara lan saged dipunrumusaken hipotesisi kados
ingkang dipunprayogekaken dhata (Lexy J. Moleong, 2005: 280).
Parandene miturut Miles lan Huberman (ing HB. Sutopo, 1990: 30)
kanthi ngginakaken metodhe interaktif inggih punika panaliten
ingkang lumampah saking tigang perangan antawisipun ngempalaken
dhata, redhuksi dhata lan ndudut dudutan. Wujud dhata arupi
satunggaling siklus ingkang mapanaken panaliti supados lumampah
ing tigang perangan kalawau.
Tahap ingkang dipunginakaken ing analisis dhata panaliten
kados makaten:
a. Ngempalaken dhata
Cara ngempalaken dhata utawi pawarta lumantar asil wawan
rembag, kapustakan, dhokumen seratkan (artikel ing kalawarti)
ugi karya susastra seratan ingkang taksih gegayutan.
b. Redhuksi dhata
Dhata ingkang sampun kakempalaken dipunlajengaken
proses milah lan milih, nyethakaken, mrasajakaken saking asil
observasi dhata ingkang taksih asipat dereng tumata, anacasipun
kangge milah milih dhata ingkang dipunginakaken saha dhata
ingkang boten kaginakaken. Suraosipun supados madosi dhata
ingkang jumbuh kaliyan ancasipun panaliten.
c. Penyajian Dhata
Penyajian dhata arupi kagiyatan nggathukaken dhata
ingkang sampun karedhuksi, pramila saged katingal sedaya
prekawis ingkang kadadosan, satemah mupangat ing analisis
karya susastra salajengipun. Lajeng nglajengaken kanthi
ngredhuksi asil nyajekaken dhata.
d. Analisis Dhata
Dhata dipuntaliti lajeng nglajengaken nganalisis dhata
kanthi cara nyambungaken dhata ingkang setunggal kaliyan dhata
sanesipun adhedhasar teori tinamtu, inggih punika cara
ngginakaken pendekatan folklor lan antarteks minangka dhasaring
acuan panaliten.
e. Damel Dudutan
Dhata ingkang sampun dipunanalisis lajeng dipunrumusaken
kangge madosi landhesan ingkang kiyat, inggih punika kanthi
cara ngredhuksi sacara titi lan ngupakawis madosi dudutan
sasampunipun dhata dipunpanggihi sacara siklus.
Supados langkung cetha, proses analisa dhata kanthi modhel
interaktif kados makaten:
Bagan Proses Analisis Interaktif
(Milles lan Huberman, ing HB Sutopo, 1998: 34)
G. Sistematika Panyeratan Skripsi
Sistematika panyeratan skripsi punika kaperang dados:
BAB I Purawaka, ngemot pawadaning pamilihan irah-irahan,
Ngempalaken Dhata
Ndamel Dudutan
Redhuksi Dhata Sajian
Dhata
momotan panaliten, ancasipun panaliten, mupangatipun panaliten,
Metode panaliten, mratelakaken babagan ancanganipun panaliten,
dunungipun panaliten, sasaran panaliten, teknik pangempalan data,
teknik pengolahan data, lan tatarakiting panyeratan skripsi.
BAB II Lelandhesaning teori, ngandharaken pangertosanipun
kesenian, kesenian tradisional, kesenian jathilan, basa endah, lan
lelewaning basa.
BAB III Andharan asilipun panaliten, ngandharaken asiling panaliten
ngenani Kaendahan ing Syair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga
Penthul lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa
Tlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang.
BAB IV: Panutup ngemot dudutan lan pamrayogi.
KAPUSTAKAN
LAMPIRAN
BAB II
LANDHESANING TEORI
A. Kesenian
Tembung seni asalipun saking basa sansekerta inggih punika “sani”
tegesipun persembahan, pelayanan, lan peparingan. Babagan punika
sesambetan kaliyan sesaji utawi persembahan dhumateng dewa-dewa. Seni
inggih punika sedaya kagiyatan budu pikiran manungsa (seniman) ingkang
kanthi prigel ambabar satunggaling karya minangka ungkapan rasa
manungsa. Hasil ciptaan dari kegiatan itu ialah suatu kebulatan organis
dalam sesuatu bentuk tertentu dari unsur-unsur bersifat ekspresif yang
termuat dalam suatu medium inderawi (Gie 1996:18).
Sudjoyono dalam Soedarso ngandharaken bilih kesenian inggih punika
“jiwo ketok”, seni mujudaken manifestasi saking jiwa. Seni inggih punika
ekspresi jiwa kesenian, boten langkung lan boten kirang (Soedarso
1990:135). Miturut Dewantara, seni adalah segala perbuatan manusia yang
timbul dari hidup perasaannya dan bersifat indah, hingga dapat
menggerakkan jiwa perasaan manusia (Soedarso 1990:2). Muharja ing
Soedarso ngandharaken bilih, seni adalah adalah kegiatan rokhani manusia
yang merefleksikan kenyataan dalam suatu karya yang berkat dan isinya
mempunyai daya untuk membangkitkan pengalaman tertentu dalam alam
rokhani si penerimanya (Soedarso 1990:4). Munro, sawijining filsuf lan ahli
teori seni saking Amerika mratelakaken bilih seni adalah alat buatan
manusia untuk menimbulkan efek-efek psikologis atas manusia lain yang
melihatnya. Efek tersebut mencakup tanggapan-tanggapan yang berwujud
pengamatan, pengenalan, imajinasi yang rasional maupun emosional
(Soedarso 1990:5).
Miturut Schiller ing Gie, seni adalah dorongan batin untuk bermain-
main yang ada dalam diri seseorang. Seni mujudaken sawijining dolanan
kagem ngimbangaken sedaya kaprigelaan mental manungsa sesambetan
kaliyan wontenipun kaluwihan energy ingkang kedah kasaluraken manjawi.
Kesenian inggih punika wohing budi manungsa salebeting pratelan nilai-nilai
kaendahan ingkang nggadhahi fungsi minangka pangimbang antawisipun
lingkunagn budaya fisik lan psikis (Gie 1996:28)
Saking pangertosan seni lan kesenian ing nginggil, cetha bilih kesenian
ing ngriki katingali saking karya manungsa ingkang mengkomunikasikan
pengalaman-pengalaman batinipun. Saben karya seni mujudaken ciptaan,
dene ciptaan utawi mbabar inggih punika ndadosaken samukawis ingkang
saderengipun boten wonten dados wonten sarta kasajikaken kanthi endah
utawi narik kawigaten lan saged nggrangsang tuwuhipun pengalaman batin
ing tiyang sanes ingkang nglangeni samukawis kasebat. Dados saben
padamelan kesenian ingkang katindakaken dening seniman tansah awujud
budidaya, ingkang dipunajab menawi budidayanipun sampun kasil pramila
badhe lair karya seni, ingkang saged nuwuhaken karemenan lan
nyampurnakaken derajat kamanungsanipun salebeting njangkepi kabetahan
ingkang asipat spiritual.
Awit saking punika seni inggih punika asil ciptaan manungsa ingkang
ngndut unsur endah, lembut utawi alus, sarta nengsemaken, pramila
adhedhasar wujudipin kesenian saged kapantha dados limang kategori inggih
punika: (1) Seni Rupa meliputi: seni lukis, pahat, dekorasi, (2) Seni Suara
meliputi : seni musik, menyanyi, drum band, (3) Seni Sastra meliputi : puisi,
novel, dan cerpen, (4) Seni Drama meliputi : kethoprak, sandiwara, (5) Seni
gerak meliputi: seni tari, bela diri, ballet dan sebagainya (Soedarso 1990:7).
B. Kesenian Tradisional
Samenika tiyang rame ngrembag babagnan kesenian tradisional,
mliginipun para seniman lan budayawan. Perkawis ingkang dados wosing
parembagan inggih punika ngengingi babaga eksistensi kesenian tradisional.
Ing wekdal punika kesenian tradisonal nguwatiraken sanget, malah wonten
saperangan ingkang setunggal mbaka setunggal cures saking panggung
budaya, sinaosa maneka budidaya sampun katindakaken kagem
nglestantunaken. Ngemut wigatosipun kesenian tradisional salebeting
bebrayan, pramila perkawis ingkang wonten sesambetanipun kaliyan
kesenian tradisional mujudaken tanggel jawab sesarengan.
Ngrembag ngengingi kesenian tradisional, pramila nuwuhaaken
pitakenan mengengi punapa ingkang dipunkajengaken kaliyan kesenian
tradisional punika piyambak. Pangertosan kesenian sampun kaandharaken ing
nginggil bilih katingali saking karya manungsa ingkang mengkomunikasikan
pengalaman-pengalaman batinipun. Saben karya seni mujudaken ciptaan,
dene ciptaan utawi mbabar inggih punika ndadosaken samukawis ingkang
saderengipun boten wonten dados wonten sarta kasajikaken kanthi endah
utawi narik kawigaten lan saged nggrangsang tuwuhipun pengalaman batin
ing tiyang sanes ingkang nglangeni samukawis kasebat. Dados saben
padamelan kesenian ingkang katindakaken dening seniman tansah awujud
budidaya, ingkang dipunajab menawi budidayanipun sampun kasil pramila
badhe lair karya seni, ingkang saged nuwuhaken karemenan lan
nyampurnakaken derajat kamanungsanipun salebeting njangkepi kabetahan
ingkang asipat spiritual.
Atmadibrata ngandharaken bilih kesenian tradisional inggih punika
kesenian ingkang sampun wonten sadangunipun pinten-pinten abad
kepungkur lan sampun kawarisaken saking satunggal generasi dhateng
generasi ingkang sanes sarta kaiket ugi kaliyan adat lan pakulinan ing
bebrayan kasebat. Iswantoro ngandharaken billih kesenian tradisional
adalah kesenian yang sejak lama turun temurun, telah hidup dan
berkembang pada daerah tertentu (Iswantoro 1997:50).
Saking andharan ing nginggil saged kapendhet dudutan bilih kesenian
tradisional mujudaken satunnggaling wujud kesenian iangkang nggadhahi
pinten-pinten norma utawi tatanan ingkang tetep,dipunambal-ambali boten
namung wonten setunggal generasi, ananging saking generasi dhateng
generasi ingkang sanes. Kanthi punika kesenian tradisional punika piyambak
padatan mujudaken kagungaipun bebrayan tartamtu ingkang ngandharaken
tata pagesangan saking bebrayan kasebat. Awit saking punika, kesenian
punika nggadhahi kapribadhen ingkang jumbuh kaliyan kapribadhen
bebrayan kasebat.
C. Kesenian Jathilan
Laladan Jawi Tengah anggadhahi kesenian tradisional ingkng maneka
warna jumbuh kaliyan daerahipun piyambak-piyambak. Salah satunggaling
kesenian ingkang wonten ing Jawa Tengah inggih punika jathilan. Kesenian
jathilan mujudaken kesenian ingkang ngrembaka ing laladan Jawa Timur,
Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Kesenian Jathilan ingkang
ngrembaka ing Jawa Timur, Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta
nggadhahi sebatan ingkang benten-benten ananging nggadhahi ciri-ciri
ingkang sami. Ing laladan Daerah Istimewa Yogyakarta, kesenian Jathilan
wonten maneka warni antawisipun Kuda Kepang, Kuda Lumping lan
Jathilan, dene ing Purworejo dipunsebat Ingkling utawi Embleg lan ing
Kabupaten Kebumen dipunsebat Ebeg, Embleg, Kuda Kepang utawi Kuda
Lumping (Sedyawati, 2002: 77). Saking maneka warni sebatan kesenian
jathilan punika sedaya nggadhahi wujud ingkang ingkang tetengeripu sami
inggih punika kesenian yang berwujud tari ditandai dengan sekelompok
penari prajurit berkuda (Sedyawati, 1981: 32).
Sedyawati (2002: 77) ngandharaken bilih Kesenian Jathilan merupakan
kesenian tradisional kerakyatan yang ditarikan oleh empat, enam, delapan
orang bahkan lebih yang masing-masing penari menunggang kuda tiruan
yang dibuat dari anyaman bambu yang disebut kepang dan cambuk atau
pedang kayu yang melakukan gerak seperti berperang.
Mula bukanipun tembung jathilan utawi janthilan inggih punika saking
tembung jawi “jan” tegesipun amat lan “til-tilan” tegesipun banyak gerak,
ingkang salajengipun dipunemperaken kaliyan gerak playunipun jaran
(Sedyawati, 1981: 32).
Jathilan mujudaken wangunipun seni pertunjukan ingkang wiwitanipun
dados tontonan sekuler ingkang nengenaken tumindak supranatural ingkang
katindakaken dening penari ing kawontenan intrance. Salebeting kawontenan
intrance, penari Jathilan kalebon roh ingkang rumiyin kaanggep asalipun
saking roh jaran. Babagan punika saged katingal nalika penari punika nembe
intrance, menawi dipunparingi dedhaharan, pramila dhedhaharan lan unjukan
punika boten limrah ingkang dipundhahar dening manungsa. Jinis
dhedhaharan kasebat salah satunggalipun inggih punika pantun ingkang
taksih wonten damenipun lan unjukanipun arupi toya ingkang kapanaken ing
ember. Malah-malah ing laladan tartamtu, penari ingkang intrance, ndhahar
kaca utawi midak-midak geni ingkang mbulat-mbulat, tanpa ngalami tatu
sekedhik kemawon, cara dhaharipun saemper kados jaran, langsung
dipundhahar kaliyan tutukipun. Kanthi menika tumindak lan dengus para
penari ingkang nembe intrance memper kaliyan tindak-tanduk jaran
(http:/www.pemda.diy/jathilan.html).
D. Basa Endah (basa estetis)
Sedaya tembang punika kagolong sastra. Dados cakepan tembang
ingkang kasekaraken dening paraga Penthul lan Bejer ing kesenian jathilan
ugi kagolong minangka Teks Sastra. Kaendahan saking teks sastra kasebat
saged dipunraosaken lumantar apresiasi. Miturut Gove (ing Aminudin, 2002:
34), apresiasi ngandhut teges (1) pitepangan lumantar perasaan utawi
kepekaan batin lan (2) pamahaman nilai-nilai kaendahan ingkang
dipunandharaken panganggit.
Pamanggih sanes nggadhahi dudutan bilih proses apresiasi kedah
migatosaken tigang perkawis: (1) aspek kognitif, (2) aspek emotif, (3) aspek
evaluatif. Aspek kognitif gegayutan kaliyan unsur-unsur internal (intrinsik)
ingkang kakandhut salebeting teks sastra ugi saged gegayutan kaliyan unsur-
unsur ing sajawining sastra punika (unsur ekstrinsik). Ingkang kalebet unsur
ekstrinsik antawisipun seratan sastra, aspek basa, lan struktur wacana (Squire
lan Tuba ing Aminudin, 2002: 34).
Teks sastra ugi ngandhut maneka warni unsur ingkang kompleks sanget.
Kompleksitas unsur kasebat awujud (1) kebahasaan, (2) struktur wacana, (3)
signifikan sastra, (4) kaendahan, (5) sosial budaya, (6) nilai filsafat, (7) latar
kesejarakan (Aminudin, 2002: 51).
Basa endah inggih punika basa mawi rerenggan ingkang mapan trapipun.
Tumraping basa Jawi ingkang saged dados rerengganipun basa wonten
maneka warni kadosta: purwakanthi, tembung saroja, parikan, pepindhan,
dwi lingga, lelewaning basa lan sapanunggalanipun (Padmosoekatja, 1981:
63).
1. Purwakanthi
Purwakanthi inggih punika satunggaling tembung ingkang kadadosan
saking kalih tembung purwa utawi wiwitan, tegesipun perangan ingkang
wingking nggandheng ingkang sampun kasebat wonten ing perangan
wiwitan utawi purwa, suwalikipun ingkang sampun kasebat wonten ing
perangan ngajeng. Wondene ingkang dipungandheng punika
suwantenipun utawi aksaranipun tarkadhang tembungipun
(Padmosoekatja, 1981: 118).
Miturut Padmosoekatja, Purwakanthi saged kaperang dados tiga,
inggih punika purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan
purwakanthi lumaksita.
a. Purwkanthi Guru Swara
Purwakanthi Guru Swara inggih punika perangan ingkang
wingking nggandheng suwanten ingkang sampun kasebat ing
perangan wiwitan utawi purwa.
Tuladha: sapa jujur bakal luhur, ana awan ana pangan.
b. Purwakanthi Guru Sastra
Purwakanthi Guru Sastra inggih punika perangan ingkang
wingking nggandheng aksara ingkang ingkang sampun kasebat ing
perangan ngajeng utawi purwa.
Tuladha: bobot bibit bebet.
c. Purwakanthi Lumaksita
Purwakanthi Lumaksita inggih punika perangan ingkang
wingking nggandheng tembung ingkang sampun kasebat wonten
ing perangan ngajeng utawi purwa.
Tuladha: mangan ati, atine kelara-lara.
2. Tembung Saroja
Tembung saroja inggih punika tembung rangkep, ateges tembung
kalih ingkang sami utawi saemper ingkang kagunakaken sesarengan
(Padmosoekatja, 1958: 37-38).
Tuladha: andhap asor, adi luhur, ajur mumur, bagas waras, bandha
donya, campur bawur, gagah prakosa.
3. Parikan
Parikan inggih punika lelagon ingkang kadadosan saking kalih ukara,
saben saukara wonten isinipun wolung wanda, tarkadhang kalih welas
wanda. Ukara sepisan (2 gatra wiwitan) minangka purwaka utawi bebuka
lan limrahipun boten ateges punapa-punapa dene ukara kaping pindho (2
gatra pungkasan) ngandhut isi.
Tuladha: (1) ngasah arit nganti landhep
(2) dadi murid kudu sregep
4. Pepindhan
Pepindhan kadadosan saking tembung lingga “pindha” ateges kaya,
lir, pendhak, kadi dipunrangkep purwanipun lan pikantuk panambang (-
an). Dados pepindhan inggih punika unen-unen ingkang ngemu surasa
pepadhan, irab-iraban, emper-emperan, dhapukaning ukara ngagem
tembung “pindha” (Padmosoekatja,1958: 93).
Tembung pepindhan miturut Padmosoekatja kaperang dados tiga:
a. Pepindhan mawi tembung “pindha" utawi dasanamanipun.
Tuladha: tandange cukat kadya kilat, kesit kadya thathit, endha
mangiwa endha manengen kadya prejak tinaji. (Taji: lelancip,
Tinaji: dilepasi lelancip sarana tulup).
b. Pepindhan mawi tembung andhahan kang ngemu surasa
“pindha”. Tuladha: parine lagi gumadhing ateges warna pethak
semu kuning kados warnanipun gadhing gajah.
c. Pepindhan tanpa tembung “pindha” utawi tembung andhahan
kang ateges pindha.
Tuladha: wangsulane saur manuk ateges wangsulane namung
suwanten boten sesarengan, kadosta mangsuli “inggih-inggih”
utawi “sendika-sendika”.
5. Tembung Dwilingga
Tembung dwilingga inggih punika tembung rangkep ingkang
kadadosan saking kalih tembung ingkang dipunambali ingkang ngandhut
teges ingkang wiyar. Utawi tembung-tembung ingkang dipunwaos
kaping pindho sedaya lingganipun (Ranggawarsita, 2002: 37).
Tembung dwilingga kaperang dados tiga, inggih punika:
a. Dwi lingga padha swara. Tuladha: adik-adik, bocah-bocah,
kanca-kanca, lan sapanunggalanipun.
b. Dwilingga salin swara. Tuladha: gonta-ganti, wira-wiri, molak-
malik, lan sapanunggalanipun.
c. Dwilingga semu. Tuladha: ondhe-ondhe, anggang-anggang,
undur-undur, lan sapanunggalanipun.
6. Bebasan, Paribasan lan Saloka
Bebasan inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun,
ngemu surasa pepindhan, mawa teges entar. Dene ingkang
dipunpindhakaken inggih punika kahanan, sipat, utawi tindak-
tandukipun. Tuladha: adol lenga kari busik ateges tiyang dundum
ananging awakipun piyambak boten keduman, othak-athik didudut angel
ateges rembugipun sarwa pikoleh, sekeca, ananging dipunestoni sedaya
boten netes, lan sapanunggalanipun (Subalidinata, 1968: 39).
Paribasan inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun,
mawi teges entar, boten ngemu suraos pepindhan. Tuladha: adigang
adugung adiguna, ana daulate ora ana begjane, ana catur mungkur
(Subalidinata, 1968: 35).
Saloka inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun, boten
kenging ewah lan boten kenging dipungantos tetembunganipun sarta
ngemu suraos pepindhan. Dene ingkang dipunpindhakaken inggih
punika tiyangipun, semanten ugi wewatekan utawi sesipatanipun.
Tuladha: asu belang kalung wang: wong asor ananging sugih bandha,
asu arebut balung: wong padu utawi regejekan prakara barang boteb
pengaji. Lan sapanunggalanipun (Subalidinata, 1968: 45).
E. Lelewaning Basa
Pirembagan ngengingi lelewaning basa boten badhe uwal saking
Stilistika. Stilistika inggih punika bidang kajian ingkang nyinau lan paring
deskripsi sistemis ngengingi lelewaning basa (Aminuddin, 1995: 3).
Lelewaning basa inggih punika cara ngungkapaken pikiran lumantar basa
kanthi cara khas ingkang ningalaken jiwa lan kapribadhen panyerat
(pangagem basa), lelewaning tembung-tembung ingkang sae kedah ngandhut
tigang unsur, antawisipun: kejujuran, tindak-tanduk (sopan-santun), lan
nengsemaken (Keraf ing Tarigan, 1985: 5)
Dale (lumantar Tarigan, 1985: 5) ngandharaken bilih lelewaning basa
inggih punika basa ingkang endah ingkang dipunginakaken kagem
ngindhakaken efek kanthi cara laku nepangaken sarta mbandhingaken
satunggaling perkawis utawi barang tartamtu kaliyan perkawis utawi barang
sanes ingkang langkung umum. Cekak aosipun panganggening lelewaning
basa tartamtu saged ngewahi sarta nuwuhaken konotasi tartamtu.
Pamanggih sanes ugi kaandharaken dening Zaenudin (1984: 51) bilih
lelewaning basa inggih punika panganggening ragam basa ingkang nyulihi
utawi nggambaraken samubarang kaliyan pamilihan lan pangrakitan tembung
wonten ing ukara kagem nggayuh efek tartamtu. Saben tiyang ingkang
migunakaken basa, saleresipun nedahaken lelewaning basa piyambak-
piyambak. Kanthi mekaten cacahing lelewaning basa punika kathah sanget
variasinipun.
Miturut Zaenudin (1984: 51) lelewaning basa kaperang dados:
a. Lelewaning basa perbandingan
Lelewaning basa perbandingan kaperang dados nembelas, inggih
punika:
1. Alusio
Alusio inggih punika pituturan ingkang dipuntuturaken kanthi
cara kias ananging namung saperangan kemawon, jalaran tiyang
sanes dipunanggep sampun mangertosi kalajengan lan maksud
sejatosipun.
2. Eponim
Eponim inggih punika nglukisaken utawi nggambaraken
samubarang kanthi cara mundhut sipat-sipat ingkang dipungadhahi
dening nami-nami ingkang sampun kondhang.
3. Metafora
Metafora inggih punika nglukisaken utawi nggambaraken
samubarang kanthi cara mbandingaken samubarang ingkan sampun
dipunmangertosi.
4. Personikfikasi
Personifikasi inggih punika lelewaning basa ingkang
nglukisaken utawi nggambaraken samubarang (barang mati)
dipungambaraken kados dene manungsa utawi kados dene barang
ingkang gesang.
5. Asosiasi
Asosiasi inggih punika lelewaning basa ingkang nglukisaken
utawi nggambaraken samubarang kanthi cara mbandhingaken
ingkang sampun dipunsebataken.
6. Alegori
Alegori inggih punika lelewaning basa ingkang nglukisaken
utawi nggambaraken kanthi cara mbandhingaken samubarang
ingkang sanes kanthi cara jangkep.
7. Parabel
Parabel inggih punika lelewaning basa ingkang nglukisaken
utawi nggambaraken falsafah gesang ingkang dipuntuangaken
salebeting sedaya karangan.
8. Simbolik
Simbolik inggih punika lelewaning basa ingkang nggambaraken
samubarang kanthi njlentrehaken satunggaling barang ingkang sanes
(minangka simbol utawi lambang).
9. Trope
Trope inggih punika lelewaning basa ingkang ngisahaken
samubarang kanthi cara migunakaken tembung-tembung ingkang
trep lan satatar.
10. Metonemia
Metonimia inggih punika pepindhan utawi kiasan kagem
nggantosi satunggaling barang.
11. Litotes
Litotes inggih punika lelewaning basa ingkang ngungkapaken
samubarang kanthi ngandhapaken dhiri piyambak.
12. Sinekdose
Sinekdose inggih punika lelewaning basa ingkang ngumumaken
sedaya barang kanthi cara nyebataken perangan-perangan utawi
saperangan kemawon utawi kosokwangsulipun nyebataken
kasedayan kaliyan maksud saperangan kemawon. Panyebatan
saperangan kagem sedaya dipunsebat Parsprototo, dene panyabatan
sedaya kagem saperangan dipun sebat Toterm proparte.
13. Eufimisme
Eufimisme inggih punika ngungkapaken samubarang kanthi
cara ngalusaken utawi boten terang-terangan.
14. Hiperbola
Hiperbola inggih punika lelewaning basa ingkang
ngungkapaken samubarang kanthi cara nglangkung-nglangkungaken
kaliyan ancasipun kangge ngewahaken manah.
15. Autonomasia
Autonomsia mujudaken lelewaning basa ingkang ngandharaken
samubarang miturut sipat-sipat utawi titikan-titikan ingkang
dipugadhahi.
16. Perifrasis
Perifrasis inggih punika lelewaning basa ingkang ngandharaken
samubarang kanthi cara ngudharaken ingkang saleresipun saged
dipuntuturaken kanthi cara saperangan tembung (sepatah kata),
ananging dipungantos kaliyan saben tembung.
b. Lelewaning basa sindhiran
Lelewaning basa sindiran kaperang dados sekawan, inggih
punika:
1. Apofasis
Apofasis inggih punika lelewaning basa sindhiran ingkang
ngungkapaken samubarang kanthi cara negasaken samubarang
ingkang dipunmaksud ananging kados dene nyangkal utawi matur
sawangsulipun.
2. Inuendo
Inuendo inggih punika ngungkapaken ingkang dipunmaksud
nyindhir kanthi cara ngalitaken kanyatan ingkang saleresipun.
3. Ironi
Ironi inggih punika ngaturaken samubarang kanthi cara
maturaken sawangsulipun.
4. Sarkasme
Sarkasme mujudaken lelewaning basa sindhiran ingkang
maturaken samubarang ingkang dipunmaksud moyoki kanthi cara
migunakaken tembung-tembung ingkang ala utawi boten pantes.
Tarigan ngandharaken bilih lelewaning basa punika awujud retorik
inggih punika panganggening tembung-tembung wonten ing micara lan
nyerat kagem narik kawigaten panyimak lan pamaos. Wonten ing perkawis
punika Tarigan nggolongaken lelewaning basa dados sekawan, inggih
punika:
a. Lelewaning basa perbandingan, dipunperang dados sedasa jinis,
anatawisipun: perumpamaan, metafora, personifikasi, depersonifikasi,
alegori, antitesis, pleonasme lan tautologo, perifrasis, antisipasi utawi
prolepsis lan koreksio utawi upanortesis.
b. Lelewaning basa pertentangan, dipunperang dados sekawan dasa,
antawisipun: hiperbola, litotes, ironi, oksimoron, paranomasia,
paralipsis, klimaks, anti klimaks, apostrof uunversi, anastrof unversi,
paralipsis, zeugma, silepsis, satire, inuendo, antifrasis, paradoks,
histeron proteron, hiplase sinisme, lan sarkasme.
c. Lelewaning basa pertautan, dipunperang dados tiga welas
santawisipun: mitonemia, sinekdoke, alusio, eufemisme, eponim, epitet,
antonomasia, erotesis, paralelisme, elipsis, gradasi, asindenton,
polisindenton.
d. Lelewaning basa perulangan, dipunperang dados kalih welas,
antawisipun: Aliterasi, asonansi, antanaklasis, aismis, epizeukis,
tautotes, anafora, epistofa, simploke, mesodeplosis, lan epanalepsis.
c. Lelewaning Basa Perulangan
Perulangan utawi repetisi inggih punika lelewaning basa ingkang
ngandhut pangambalan ungeling basa, wanda, tembung, utawi frasa
menapa dene peranganing ukara ingkang wigati kangge paring tekanan
salebeting konteks ingkang jumbuh.
Miturut Tarigan (1985: 181) lelewaning basa perulangan kaperang
dados:
1. Aliterasi
Aliterasi inggih punika lelewaning basa ingkang migunakaken
purwakanthi utawi panganggenipun tembung-tembung ingkang
wiwitanipun sami ungelipun (Tarigan, 1985: 197).
Keraf (1985: 130) ngandharaken bilih Aliterasi inggih punika
sami kaliyan lelewaning basa ingkang awujud pangambalan
konsonan ingkang sami. Asring dipunserat wonten ing geguritan,
prosa kagem pangendah utawi penekanan.
2. Asonansi
Asonansi inggih punika lelewaning basa repetisi ingkang
awujud pangambalan vokal ingkang sami. Asring dipunginakaken
wonten ing geguritan, prosa kangge nggayuh efek penekanan
utawi kaendahan.
3. Antanaklasis
Antanaklasis inggih punika lelewaning basa ingkang
ngandhut pangambalan tembung ingkang sami kanthi teges
ingkang beda (Tarigan, 1985: 195).
4. Kiasme
Kiasme inggih punika lelewaning basa ingkang isinipun
pangambalan lan inverse sesambetan kalih tembung ing setunggal
ukara (Daciot and Todorov, 1981: 227).
5. Epizeukis
Epizeukis inggih punika lelewaning basa pangambalan ingkang
nggadhahi titikan langsung inggih punika tembung ingkang
dipunwigatosaken dipunambal-ambali kanthi runtut.
6. Tautoles
Tautoles inggih punika lelewaning basa pangambalan utawi
repetisi satunggaling tembung ingkang dipunambal-ambali
wonten ing satunggaling konstruksi (Keraf, 1985: 127).
7. Anafora
Anafora inggih punika lelewaning basa repetisi ingkang
awujud pangambalan tembung sepisan ing saben gatra utawi
saben ukara.
8. Epistrofa
Epistrofa inggih punika saemper kaliyan lelewaning basa
repetisi ingkang awujud pangambalan tembung utawi fase ing
pungkasan gatra utawi ukara kanthi runtut.
9. Simploke
Simploke inggih punika saemper lelewaning basa repetisi
ingkang awujud pangambalan ing wiwitan lan pungkasan ing
gatra utawi ukara kanthi runtut.
10. Mesodiplosis
Mesodliposis inggih punika lelewaning basa repetisi ingkang
awujud pangambalan tembung utawi frase wonten ing tengah-
tengah gatra utawi ukara.
11. Epanalepsis
Epanalepsis inggih punika lelewaning basa repetisi ingkang
awujud pangambalan tembung sepisan saking gatra, klausa, utawi
ukara dados pungkasan.
12. Anadiplosis
Anadiplosis inggih punika satunggaling lelewaning basa
repetisi ingkang tembung utawi frase pungkasan saking
satunggaling klausa utawi ukara dados tembung utawi frase
sepisan saking klausa utawi ukara sapiturutipun.
BAB III
ANALISIS DHATA
Ing ngandhap punika kaandharaken asiling panaliten ngengingi
Kaendahan ing Syair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer
wonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan
Watukumpul Kabupaten Pemalang. Tembang ingkang kaanalisis inggih punika
“Jalak Ijo”, “Ayak-ayak”, “Sampak 9”, “Ladrang Wahyu”, Bajing. Analisis
kasebat dumados saking Purwakanthi, Tembung saroja, Parikan, Pepindhan,
Tembung dwilingga, Bebasan, paribasan, saloka, lan Lelewaning basa.
A. Wujudipun Tembang
Jatilan mujudaken sawijining jinis tarian rakyat ingkang sampun sangu
ngrembaka ing tanah Jawi. Tari ingkang tansah kajangkepi kaliyan uba rampe
awujud jaran kepang punika limrahipun katontonaken ngantos klimaks, inggih
punika kahanan lali utawi boten sadhar dening satunggaling paraganipun.
Penari jatilan rumiyin namung wonten kalih paraga, ananging samangke saged
katindakaken langkung kathah paraga kanthi dhapukan utawi pasangan. Jathilan
nggambaraken perang kanthi nitih jaran lan agegaman pedhang. Para penari
migunakaken property pedhang ingkang kadamel saking pring lan nitih jaran
kepang. Kejawi penari ingkang nitih jaran kepang, wonten ugi paraga ingkang
migunakaken topeng. Ing antawisipun paraga punika wonten ingkang
migunakaken topeng ireng lan putih. Ingkang topeng putih aran Penthul dene
ingkang ngangge topeng ireng aran Bejer. Kalih paraga punika nggadhahi tugas
minangka lawak, penari, penyanyi kangge nglipur para prajurit ingkang nembe
ngaso sasampunipun perang. Saderengipun kawiwitan, padatan kasuguhaken pra
tontonan awujud tetabuhan lan lawakan/ utawa dhagelan saking Penthul lan bejer
kalawau. Vokal ingkang kaucapaken Penthul lan Bejer awujud dialog ingkang
lucu lan tetembangan.
Syair tembang ingkang kasekaraken paraga Penthul lan Bejer wonten ing
kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana kecamatan Watukumpul
kabupaten Pemalang inggih punika:
1. Jalak Ijo
Jalak ijo pitik walik jambul sega
Golong lawuh encong
Kancane kurang siji
gawe gela rasaning ati
Aja ngono e aja ngono
Dua lolo lolo ing kuwi dawa-dawa
Sing sayuk sing rukun
Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
Yaiyo-yaiyo
Ayo kanca nyambut karya aja nyepelekaken
Nggayuh maring budaya
Jalma padha tapa ora ning tanah baru
Sing sayuk sing rukun ayo bareng
Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo
Padha takon wedi takon lagi apa
Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa
Ayo kanca padha suka hura-hura
Sing enak sing nyata
Padha cancut taliwanda
Duk mong duk gur duk mong duk gur
Aja padha mundur-mundur
Ayo kanca tanpa cela
Ayo kanca tanpa cela
Priyagung padha nyawang
Priyagung padha nyawang
Dandan cancut taliwanda
Dandan cancut taliwanda
2. Ayak-ayak
Ayak angga purwa sembah saumpama sampun mundhut
Prawasa saangkara murka
Gunung gugur isine duta slikur
Aja mundur wong seneng karo sedulur
O ala iya o ala ora
Wong seneng karo sedulur
Jarite kawung titi wanci amor wani
Pagelaran pinggir lurung titipna kula kandha
Anggladhi papat-papat
Manggung katalu sida ja muring
Manggung katalu sida ja muring
Arum dalu wancine manggung
Gunung gedhe isine sigaran jambe
Ora suwe wong seneng tunggal sebale
O ala iya o ala ora
Wong seneng tunggal sebale
3. Sampak 9
Sing sayuk sing rukun
Pisah rama kurandane lisah klapa
Menurute gonas-ganes wijarane
Ayem tentrem sawangane
Nadyan mangun kalamun tanpa ukara
Golek priya
Rama-rama kadangku dhewe
Angudiya
Tansah daning sambe kula
Mani mangun kinarya labur nagara
Sun matura gones
Lamun sira darbe tresna
Nadyan mangun kalamun tanpa ukara
Sun matura rama
Lamun sira darbe tresna
Gara surya loro madyaning asangka
Den prayitna sembarang hawa sembrana
4. Ladrang Wahyu
Ladrang wahyu
Prataruna anudiya
Anis karo mengko
Sanuneng dumadi
Marsudi ing kaweruh
Kang akeh gunane
Bisane semata tlatenana
5. Bajing
Bajing luka telu sedaya saperlu
Cancut tali wanda
Ngayahi makarya sagungeng pra tangga
Lan para waranggana
Murubing dumadi tresna mudha budhaya
B. Analisis Dhata
1. Purwakanthi
a. Purwakanthi Guru Swara
Purwakanthi Guru Swara inggih punika perangan ingkang
wingking nggandheng suwanten ingkang sampun kasebat ing
perangan wiwitan utawi purwa.
Purwakanthi guru swara ingkang katemokaken salebeting salebeting
analisis inggih punika:
(1) Kancane kurang siji
(2) gawe gela rasaning ati
Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken swanten ingkang
kaambali utawi kagandheng. Gatra kapindho swanten e lan i ing tembung
gawe lan ati punika nggandheng suwanten e (kancane) lan i (siji) ing gatra
sepisan.
(3) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken swanten ingkang
kaambali utawi kagandheng. Tembung kapindho swanten o ing tembung
separo punika nggandheng suwanten o (ijo) ing gatra sepisan.
(4) Ayo kanca padha suka hura-hura
Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken swanten ingkang
kaambali utawi kagandheng. Swanten a ing tembung kanca punika
kaambali ing tembung salajengipun. Inggih punika tembung padha
suka hura-hura.
(5) Sing enak sing nyata
(6) Padha cancut taliwanda
Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken swanten ingkang
kaambali utawi kagandheng. Gatra kapindho swanten a ing tembung
taliwanda punika nggandheng suwanten a (nyata) ing gatra sepisan
(7) Duk mong duk gur duk mong duk gur
(8) Aja padha mundur-mundur
Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken swanten ingkang
kaambali utawi kagandheng. Gatra kapindho swanten u ing tembung
mundur punika nggandheng suwanten u (gur) ing gatra sepisan.
(9) Ayo kanca tanpa cela
Swanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung kanca tanpa cela.
(10) Prawasa saangkara murka
Swanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung prawasa saangkara
murka.
(11) Gunung gugur isine duta slikur
Swanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika u.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung gunung gugur duta
slikur.
(12) Aja mundur wong seneng karo sedulur
Swanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika u.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung mundur lan sedulur.
(13) Pagelaran pinggir lurung titipna kula kandha
Swanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung titipna kula kandha.
(14) Gunung gedhe isine sigaran jambe
Swanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika e.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung gedhe isine jambe.
(15) Ora suwe wong seneng tunggal sebale
Swanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika e.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung suwe lan sebale.
(16) Sing sayuk sing rukun
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika u.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung sayuk lan rukun
(17) Pisah rama kurandane lisah klapa
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung rama lan klapa
(18) Menurute gonas-ganes wijarane
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika e.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung menurute lan wijarane
(19) Ayem tentrem sawangane
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika e.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung ayem lan tentrem
(20) Nadyan mangun kalamun tanpa ukara
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika u.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung mangun, kalamu lan
ukara.
(21) Lamun sira darbe tresna
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung sira lan tresna.
(22) Den prayitna sembarang hawa sembrana
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung prayitno, hawa, lan
sembrana.
(23) Prataruna anudiya
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung prataruna lan anudiya.
(24) Anis karo mengko
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika o.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung karo lan mengko.
(25) Bisane semata tlatenana
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung semata lan tlatenana.
(26) Bajing luka telu sedaya saperlu
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a
lan u. suwanten punika katemokaken runtut ing tembung luka, telu,
sedaya, saperlu..
(27) Ngayahi makarya sagungeng pra tangga
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung makarya, pra tangga.
(28) Lan para waranggana
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung para waranggana.
(29) Murubing dumadi tresna mudha budhaya
Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.
suwanten punika katemokaken runtut ing tembung tresna mudha budhaya.
b. Purwakanthi Guru Sastra
Purwakanthi Guru Sastra inggih punika perangan ingkang wingking
nggandheng aksara ingkang ingkang sampun kasebat ing perangan
ngajeng utawi purwa.
Saking asiling analisis, purwakanthi guru sastra ingkang katemokaken
inggih punika:
(30) Golong lawuh encong
Aksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken sastra
ingkang runtut. Sastra ng ing tembung golong kaambali malih ing
tembung encong.
(31) gawe gela rasaning ati
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra g.
ing kawitan katemokaken ing tembung gawe lajeng kaambali ing tembung
gela.
(32) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
Aksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken sastra
ingkang runtut. Sastra k ing tembung jalak kaambali malih ing tembung
cucuk.
(33) Ayo kanca nyambut karya aja nyepelekaken
Aksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken sastra
ingkang runtut. Sastra k ing tembung kanca kaambali malih ing tembung
karya.
(34) Duk mong duk gur duk mong duk gur
(35) Aja padha mundur-mundur
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra r.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung gur lajeng kaambali ing
tembung mundur.
(36) Ayo kanca tanpa cela
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra c.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung kanca lajeng kaambali ing
tembung cela.
(37) Priyagung padha nyawang
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra
ng. Sastra kasebat katemokaken ing tembung priyagung lajeng kaambali
ing tembung nyawang.
(38) Dandan cancut taliwanda
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra n.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung dandan lajeng kaambali ing
tembung cancut taliwanda. Kejawi punika ugi wonten sastra t ingkang
runtut ing tembung cancut taliwanda.
(39) Ayak angga purwa sembah saumpama sampun mundhut
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra
m. Sastra kasebat katemokaken ing tembung sembah saumpama sampun
mundhut.
(40) Prawasa saangkara murka
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra r.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung prawasa saangkara murka.
(41) Gunung gugur isine duta slikur
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra g.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung gunung gugur.
(42) Aja mundur wong seneng karo sedulur
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra r.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung mundur lan sedulur..
(43) Pagelaran pinggir lurung titipna kula kandha
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra r.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung pagelaran pinggir lurung.
(44) Gunung gedhe isine sigaran jambe
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra g.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung gunung, gedhe, sigaran.
(45) Sing sayuk sing rukun
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra k.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung sayuk, rukun.
(46) Nadyan mangun kalamun tanpa ukara
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra n.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung nadyan, mangun, tanpa.
(47) Lamun sira darbe tresna
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra r.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung sira darbe tresna.
(48) Bisane semata tlatenana
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra t.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung semata tlatenana.
(49) Bajing luka telu sedaya saperlu
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra l.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung luka, telu, saperlu.
(50) Cancut tali wanda
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra t.
Sastra kasebat katemokaken ing tembung cancut taliwanda.
(51) Ngayahi makarya sagungeng pra tangga
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra
ng. Sastra kasebat katemokaken ing tembung ngayahi, sagungeng, tangga.
(52) Murubing dumadi tresna muda budaya
Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra
m. Sastra kasebat katemokaken ing tembung murubing, dumadi, muda.
c. Purwakanthi Lumaksita
Purwakanthi Lumaksita inggih punika perangan ingkang wingking
nggandheng tembung ingkang sampun kasebat wonten ing perangan
ngajeng utawi purwa
Purwakanthi Lumaksita ingkang katemokaken salebeting nindakaken
analisis inggih punika:
(53) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawa
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken
tembung ingkang kaginakaken kanthi runtut. Ing kawitan tembung lolo
sampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing salajengipun.
(54) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken
tembung ingkang kaginakaken kanthi runtut. Ing kawitan tembung wedi
sampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing salajengipun.
(55) Padha takon wedi takon lagi apa
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken
tembung ingkang kaginakaken kanthi runtut. Ing kawitan tembung takon
sampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing salajengipun.
(56) Duk mong duk gur
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken
tembung ingkang kaginakaken kanthi runtut. Ing kawitan tembung duk
sampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing salajengipun.
(57) O ala iya o ala ora
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken
tembung ingkang kaambali. Tembung kasebat kaginakaken kanthi runtut
salebeting setunggal gatra.
(58) Sing sayuk sing rukun
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken
tembung ingkang kaginakaken kanthi runtut. Ing kawitan tembung sing
sampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing salajengipun.
2. Tembung saroja
Tembung saroja inggih punika tembung rangkep, ateges tembung kalih
ingkang sami utawi saemper ingkang kagunakaken sesarengan.
(59) Ayem tentrem sawangane
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken
tembung saroja. Tembung ayem lan tentrem punika nggadhahi teges
ingkang sami, pramila nalika kaginakaken sesarengan kawastanan
tembung saroja.
3. Parikan
Parikan inggih punika lelagon ingkang kadadosan saking kalih ukara,
saben saukara wonten isinipun wolung wanda, tarkadhang kalih welas wanda.
Ukara sepisan (gatra wiwitan) minangka purwaka utawi bebuka lan
limrahipun boten ateges punapa-punapa dene ukara kaping pindho (gatra
pungkasan) ngandhut isi.
(60) Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa
(61) Ayo kanca padha suka hura-hura
Ukara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan saking
kalih gatra. Gatra sepisan Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa mujudaken
bebuka dene gatra kapindho Ayo kanca padha suka hura-hura mujudaken
isi.
(62) Sing enak sing nyata
(63) Padha cancut taliwanda
Ukara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan saking
kalih gatra. Gatra sepisan Sing enak sing nyata mujudaken bebuka dene
gatra kapindho Padha cancut taliwanda mujudaken isi.
(64) Duk mong duk gur duk mong duk gur
(65) Aja padha mundur-mundur
Ukara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan saking kalih
gatra. Gatra sepisan Duk mong duk gur duk mong duk gur mujudaken bebuka
dene gatra kapindho Aja padha mundur-mundur mujudaken isi.
(66) Gunung gugur isine duta slikur
(67) Aja mundur wong seneng karo sedulur
Ukara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan saking
kalih gatra. Gatra sepisan gunung gugur isine duta slikur mujudaken
bebuka dene gatra kapindho aja mundur wong seneng karo sedulur
mujudaken isi.
(68) Gunung gedhe isine sigaran jambe
(69) Ora suwe wong seneng tunggal sebale
Ukara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan saking kalih
gatra. Gatra sepisan gunung gedhe isine sigaran jambe mujudaken bebuka
dene gatra kapindho ora suwe wong seneng tunggal sebale mujudaken isi.
(70) Gara surya loro madyaning asangka
(71) Den prayitna sembarang hawa sembrana
Ukara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan saking kalih
gatra. Gatra sepisan gara surya loro madyaning asangka mujudaken bebuka
dene gatra kapindho den prayitna sembarang hawa sembrana mujudaken isi.
4. Pepindhan
Pepindhan inggih punika unen-unen ingkang ngemu surasa pepadhan,
irab-iraban, emper-emperan, dhapukaning ukara ngagem tembung “pindha”.
Pepindhan ingkang katemokaken ing tembang Jalak Ijo ing nginggi inggih
punika:
(72) Dandan cancut taliwanda.
Ukara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken pepindhan.
Dandan cancut taliwanda tegesipun siap-siap dandan.
5. Tembung dwilingga
Tembung dwilingga inggih punika tembung rangkep ingkang kadadosan
saking kalih tembung ingkang dipunambali ingkang ngandhut teges ingkang
wiyar. Utawi tembung-tembung ingkang dipunwaos kaping pindho sedaya
lingganipun.
Tembung dwilingga ingkang katemokaken ing tembang Jalak Ijo inggih
punika:
(73) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawa
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembung
dwilingga. Asalipun saking tembung lingga dawa lajeng kaambali kanthi
wutuh dados dawa-dawa.
(74) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
Yaiyo-yaiyo
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembung
dwilingga. Asalipun saking tembung lingga jalak lan yaiyo lajeng kaambali
kanthi wutuh dados jalak-jalan lan yaiyo-yaiyo.
(75) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembung
dwilingga. Asalipun saking tembung lingga aiyo lajeng kaambali kanthi wutuh
dados aiyo-aiyo.
(76) Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembung
dwilingga. Asalipun saking tembung lingga jalak lajeng kaambali kanthi
wutuh dados jalak-jalak.
(77) Ayo kanca padha suka hura-hura
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembung
dwilingga. Asalipun saking tembung lingga hura lajeng kaambali kanthi
wutuh dados hura-hura.
(78) Aja padha mundur-mundur
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembung
dwilingga. Asalipun saking tembung lingga mundur lajeng kaambali kanthi
wutuh dados mundur-mundur.
(79) Menurute gonas-ganes wijarane
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembung
dwilingga salin swara. Asalipun saking tembung lingga ganes lajeng kaambali
kanthi salin swara dados gonas-ganes.
(80) Rama-rama kadangku dhewe
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembung
dwilingga. Asalipun saking tembung lingga rama lajeng kaambali kanthi
wutuh dados rama-rama.
6. Bebasan, paribasan, saloka
Saking asiling analisis, Bebasan, paribasan, lan saloka boten katemokaken
ing tembang punika.
7. Lelewaning basa
a. Aliterasi
Aliterasi inggih punika lelewaning basa ingkang awujud pangambalan
konsonan ingkang sami.
Lelewaning basa Aliterasi ingkang katemokaken ing tembang Jalak Ijo
inggih punika:
(81) Golong lawuh encong
Aksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken konsonan
ingkang dipunambali. Konsonan ng ing tembung golong kaambali malih
ing tembung encong.
(82) gawe gela rasaning ati
Konsonan ingkang dipunambali ing ukara ing nginggil inggih
punika konsonan g. Ing kawitan katemokaken ing tembung gawe lajeng
kaambali ing tembung gela.
(83) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
Aksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken konsonan
ingkang dipunambali. Konsonan k ing tembung jalak kaambali malih ing
tembung cucuk.
(84) Ayo kanca nyambut karya aja nyepelekaken
Aksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken konsonan
ingkang dipunambali. Sastra k ing tembung kanca kaambali malih ing
tembung karya.
(85) Duk mong duk gur duk mong duk gur
(86) Aja padha mundur-mundur
Konsonan ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika
konsonan r. Konsonan kasebat katemokaken ing tembung gur lajeng
kaambali ing tembung mundur.
(87) Ayo kanca tanpa cela
Konsonan ingkang dipuunambali ing ukara ing nginggil inggih
punika konsonan c. Konsonan kasebat katemokaken ing tembung kanca
lajeng kaambali ing tembung cela.
(88) Priyagung padha nyawang
konsonan ingkang dipunambali ing ukara ing nginggil inggih
punika konsonan ng. Konsonan kasebat katemokaken ing tembung
priyagung lajeng kaambali ing tembung nyawang.
(89) Dandan cancut taliwanda
Konsonan ingkang dipunambali ing ukara ing nginggil inggih
punika konsonan n. Konsonan kasebat katemokaken ing tembung dandan
lajeng kaambali ing tembung cancut taliwanda. Kejawi punika ugi wonten
konsonan t ingkang dipunambali ing tembung cancut taliwanda.
b. Asonansi
Asonansi inggih punika lelewaning basa repetisi ingkang awujud
pangambalan vokal ingkang sami.
Lelewaning basa Asonansi ingkang katemokaken ing tembang Jalak Ijo
ing nginggil inggih punika:
(90) Kancane kurang siji
(91) gawe gela rasaning ati
Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken aksara vokal
ingkang kaambali. Gatra kapisan vokal e lan i ing tembung kancane lan
siji punika dipunambali ing gatra kapindho ing tembung. Inggih punika
vokal e (kancane) lan vokal i (siji).
(92) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken aksara vokal
ingkang kaambali. Tembung kapisan vokal o ing tembung ijo punika
dipunambali ing gatra kapindho tembung (ijo).
(93) Ayo kanca padha suka hura-hura
Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken aksara vokal
ingkang kaambali. Vokal a ing tembung kanca punika kaambali ing
tembung salajengipun. Inggih punika tembung padha suka hura-hura.
(94) Sing enak sing nyata
(95) Padha cancut taliwanda
Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken aksara vokal
ingkang kaambali. Gatra kapisan aksara vokal a ing tembung nyata
punika dipunambali ing tembung (taliwanda) ing gatra kapindho.
(96) Duk mong duk gur duk mong duk gur
(97) Aja padha mundur-mundur
Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken aksara vokal
ingkang kaambali. Gatra kapisan swanten u ing tembung gur punika
kaambali ing tembung (mundur) ing gatra kapindho.
(98) Ayo kanca tanpa cela
Aksara vokal ingkang dipunambali ing ukara ing nginggil inggih
punika a. Vokal kasebat katemokaken dipunambali ing tembung kanca
tanpa cela.
c. Anadiplosis
Anadiplosis inggih punika satunggaling lelewaning basa repetisi
ingkang tembung utawi frase pungkasan saking satunggaling klausa utawi
ukara dados tembung utawi frase sepisan saking klausa utawi ukara
sapiturutipun.
Lelewaning basa Anadiplosis ingkang katemokaken ing tembang Jalak Ijo
inggih punika:
(99) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawa
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken
tembung ingkang dipunambali. Ing kawitan tembung lolo sampun dipun
sebat ing frasa dua lolo lajeng dipunsebat malih ing frasa salajengipun
inggih punika lolo ing kuwi dawa-dawa.
d. Tautoles
Tautoles inggih punika lelewaning basa pangambalan utawi repetisi
satunggaling tembung ingkang dipunambal-ambali wonten ing
satunggaling konstruksi.
(100) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken
tembung ingkang kaambali ing satunggaling konstruksi. Ing kawitan
tembung wedi sampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing
salajengipun.
(101) Padha takon wedi takon lagi apa
Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken
tembung ingkang kaambali ing satunggaling konstruksi. Ing kawitan
tembung takon sampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing
salajengipun.
BAB IV
PANUTUP
A. Dudutan
Saking asil analisis ing bab IV saged dipunpendhet dudutan bilih:
Kaendahan syair tembang ingkang asring kaprangguli awujud
panganggenipun purwakanthi, (purwakanthi guru swara, purwakanthi sastra,
lan purwakanthi lumaksita). Purwakanthi kasebat kaginakaken kangge
nyeragamaken syair tembang saengga endah nalika dipunpirengaken.
Lelewaning basa (aliterasi, asonansi, anadiplosis, lan tautoles) kaginaken
minangka seninipun abasa saha cara kangge ngandharaken makna salebeting
tembang kasebat, tembung dwilingga (dwilingga wutuh lan dwilingga salin
swara), tembung saroja kaginakaken kangge nyalarasaken syair mawi
rerangken tembung ingkang endah lan pepindhan kaginakaken minangka
pepadhan nalika ngandharaken satunggaling makna salebeting tembang
kasebat, dene paribasan, bebasan lan saloka boten kaprangguli ing panaliten
kasebat.
B. Pamrayogi
Pamrayoginipun saking panyerat gegayutan kaliyan panaliten inggih
punika:
1. Panaliten punika namung naliti syair tembang ing babagan kaendahanipun,
mugiya panaliti salajengipun sagen dindakaken panaliten katitik saking
babagan ingkang sanes.
2. Mugiya panaliti salejengipun saged migatosaken asil panaliten punika lan
saged nindakaken panaliten ingkang langkung lebet malih babagan syair
tembang ing kesenian Jathilan.
KAPUSTAKAN
Aminudin. 2002. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru
Aglesindo.
Arikunto, Suharsini. 2006. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktik.
Jakarta: Rineka Cipta.
Koentjoroningrat. 1984. Kebudayaan Jawa. Jakarta: Sinar Harapan.
______________. 1990. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Rineka Cipta
Moleong, J. Lexi. 1998. Metodologi Pendidikan Kualitatatif. Bandung: PT.
Remaja Rosdakarya.
____________. 2002. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PT Remaja
Rosda Karya
Nugraha, K. 1994. Kamus Indonesia-Jawa. Solo: PT. Buana Raya.
Padmosoekatja, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Djawa. Yogyakarta: Hien
Hoo Sing.
______________. 1982. Memetri Basa Jawa II. Surabaya: CV. Citra Jaya.
______________. 1987. Memetri Basa Jawi. Surabaya: CV. Citra Jaya Murti.
Purwadi. 2004. Kamus Jawa-Indonesia Populer. Yogyakarta: Media Abadi.
Poerwadarminto. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka.
Rahman, Maman. 1993. Strategi dan Langkah-langkah Penelitian Pendidikan,
Semarang: IKIP Semarang Press
Sedyawati, Edi. 1981. Pertumbuhan Seni Pertunjukan. Jakarta: Sinar Harapan
_____________. 2002. Seni Pertunjukan, Indonesian Heritage. Jakarta:
Jayakarta Agung Offset
Semi, Atar. 1990. Metode Penelitian Sastra. Bandung: Angkasa.
Soedarsono. 1977. Tari-tarian Indonesia I. Jakarta: Proyek Pengembangan
Kebudayaan Depdikbud
Soedarsono. 1999. Seni Pertunjukan Dan Pariwisata. Yogyakarta: BP ISI
Yogyakarta
Sudarsono. 1980. Perkembangan Kesenian Tardisional. Yogyakarta: Proyek
ASKI.
Subalidinata. 1968. Sarining Kasusatran Djawa. Yogyakarta: PT. JAKER.
Sudaryanto. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa.: Pengantar
Penelitian Wahana Kebudayaan secara Linguis. Yogyakarta:
Duta Wacana University Press.
Suharso. 2009. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Semarang: Widya Karya.
Sumardjo, Jakob. 2000. Filsafat Seni. Bandung: ITB Bandung
Sumarlam. 2006. Analisis Wacana Tekstual dan Kontekstual. Surakarta:
Pustaka Cakra.
Sutopo, HB. 1988. Pengantar Penelitian Kualitatif Dasar-dasar Teori Praktis.
Surakarta: UNS Press.
Tarigan, Henty Guntur.1985. Pengajaran Gaya Bahasa. Bandung: Angkasa.
http:/www.pemda.diy/jathilan.html
http:/www.pemda.diy/wilayah_diy.html
Lampiran 1
Dhata Panaliten
8. Purwakanthi
a. Purwakanthi Guru Swara
(102) Kancane kurang siji
(103) gawe gela rasaning ati
(104) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
(105) Ayo kanca padha suka hura-hura
(106) Sing enak sing nyata
(107) Padha cancut taliwanda
(108) Duk mong duk gur duk mong duk gur
(109) Aja padha mundur-mundur
(110) Ayo kanca tanpa cela
(111) Prawasa saangkara murka
(112) Gunung gugur isine duta slikur
(113) Aja mundur wong seneng karo sedulur
(114) Pagelaran pinggir lurung titipna kula kandha
(115) Gunung gedhe isine sigaran jambe
(116) Ora suwe wong seneng tunggal sebale
(117) Sing sayuk sing rukun
(118) Pisah rama kurandane lisah klapa
(119) Menurute gonas-ganes wijarane
(120) Ayem tentrem sawangane
(121) Nadyan mangun kalamun tanpa ukara
(122) Lamun sira darbe tresna
(123) Den prayitna sembarang hawa sembrana
(124) Prataruna anudiya
(125) Anis karo mengko
(126) Bisane semata tlatenana
(127) Bajing luka telu sedaya saperlu
(128) Ngayahi makarya sagungeng pra tangga
(129) Lan para waranggana
(130) Murubing dumadi tresna mudha budhaya
b. Purwakanthi Guru Sastra
(131) Golong lawuh encong
(132) gawe gela rasaning ati
(133) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
(134) Ayo kanca nyambut karya aja nyepelekaken
(135) Duk mong duk gur duk mong duk gur
(136) Aja padha mundur-mundur
(137) Ayo kanca tanpa cela
(138) Priyagung padha nyawang
(139) Dandan cancut taliwanda
(140) Ayak angga purwa sembah saumpama sampun mundhut
(141) Prawasa saangkara murka
(142) Gunung gugur isine duta slikur
(143) Aja mundur wong seneng karo sedulur
(144) Pagelaran pinggir lurung titipna kula kandha
(145) Gunung gedhe isine sigaran jambe
(146) Sing sayuk sing rukun
(147) Nadyan mangun kalamun tanpa ukara
(148) Lamun sira darbe tresna
(149) Bisane semata tlatenana
(150) Bajing luka telu sedaya saperlu
(151) Cancut tali wanda
(152) Ngayahi makarya sagungeng pra tangga
(153) Murubing dumadi tresna muda budaya
c. Purwakanthi Lumaksita
(154) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawa
(155) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo
(156) Padha takon wedi takon lagi apa
(157) Duk mong duk gur
(158) O ala iya o ala ora
(159) Sing sayuk sing rukun
9. Tembung saroja
(160) Ayem tentrem sawangane
10. Parikan
(161) Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa
(162) Ayo kanca padha suka hura-hura
(163) Sing enak sing nyata
(164) Padha cancut taliwanda
(165) Duk mong duk gur duk mong duk gur
(166) Aja padha mundur-mundur
(167) Gunung gugur isine duta slikur
(168) Aja mundur wong seneng karo sedulur
(169) Gunung gedhe isine sigaran jambe
(170) Ora suwe wong seneng tunggal sebale
(171) Gara surya loro madyaning asangka
(172) Den prayitna sembarang hawa sembrana
11. Pepindhan
(173) Dandan cancut taliwanda.
12. Tembung dwilingga
(174) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawa
(175) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
Yaiyo-yaiyo
(176) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo
(177) Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa
(178) Ayo kanca padha suka hura-hura
(179) Aja padha mundur-mundur
(180) Menurute gonas-ganes wijarane
(181) Rama-rama kadangku dhewe
13. Lelewaning basa
e. Aliterasi
(182) Golong lawuh encong
(183) gawe gela rasaning ati
(184) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
(185) Ayo kanca nyambut karya aja nyepelekaken
(186) Duk mong duk gur duk mong duk gur
(187) Aja padha mundur-mundur
(188) Ayo kanca tanpa cela
(189) Priyagung padha nyawang
(190) Dandan cancut taliwanda
f. Asonansi
(191) Kancane kurang siji
(192) gawe gela rasaning ati
(193) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
(194) Ayo kanca padha suka hura-hura
(195) Sing enak sing nyata
(196) Padha cancut taliwanda
(197) Duk mong duk gur duk mong duk gur
(198) Aja padha mundur-mundur
(199) Ayo kanca tanpa cela
g. Anadiplosis
(200) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawa
h. Tautoles
(201) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo
(202) Padha takon wedi takon lagi apa
Lampiran 2
TEMBANG
6. Jalak Ijo
Jalak ijo pitik walik jambul sega
Golong lawuh encong
Kancane kurang siji
gawe gela rasaning ati
Aja ngono e aja ngono
Dua lolo lolo ing kuwi dawa-dawa
Sing sayuk sing rukun
Jalak-jalak ijo cucuke abang separo
Yaiyo-yaiyo
Ayo kanca nyambut karya aja nyepelekaken
Nggayuh maring budaya
Jalma padha tapa ora ning tanah baru
Sing sayuk sing rukun ayo bareng
Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo
Padha takon wedi takon lagi apa
Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa
Ayo kanca padha suka hura-hura
Sing enak sing nyata
Padha cancut taliwanda
Duk mong duk gur duk mong duk gur
Aja padha mundur-mundur
Ayo kanca tanpa cela
Ayo kanca tanpa cela
Priyagung padha nyawang
Priyagung padha nyawang
Dandan cancut taliwanda
Dandan cancut taliwanda
7. Ayak-ayak
Ayak angga purwa sembah saumpama sampun mundhut
Prawasa saangkara murka
Gunung gugur isine duta slikur
Aja mundur wong seneng karo sedulur
O ala iya o ala ora
Wong seneng karo sedulur
Jarite kawung titi wanci amor wani
Pagelaran pinggir lurung titipna kula kandha
Anggladhi papat-papat
Manggung katalu sida ja muring
Manggung katalu sida ja muring
Arum dalu wancine manggung
Gunung gedhe isine sigaran jambe
Ora suwe wong seneng tunggal sebale
O ala iya o ala ora
Wong seneng tunggal sebale
8. Sampak 9
Sing sayuk sing rukun
Pisah rama kurandane lisah klapa
Menurute gonas-ganes wijarane
Ayem tentrem sawangane
Nadyan mangun kalamun tanpa ukara
Golek priya
Rama-rama kadangku dhewe
Angudiya
Tansah daning sambe kula
Mani mangun kinarya labur nagara
Sun matura gones
Lamun sira darbe tresna
Nadyan mangun kalamun tanpa ukara
Sun matura rama
Lamun sira darbe tresna
Gara surya loro madyaning asangka
Den prayitna sembarang hawa sembrana
9. Ladrang Wahyu
Ladrang wahyu
Prataruna anudiya
Anis karo mengko
Sanuneng dumadi
Marsudi ing kaweruh
Kang akeh gunane
Bisane semata tlatenana
10. Bajing
Bajing luka telu sedaya saperlu
Cancut tali wanda
Ngayahi makarya sagungeng pra tangga
Lan para waranggana
Murubing dumadi tresna mudha budhaya