Maca Cepet
-
Upload
yuliahertismansa -
Category
Entertainment & Humor
-
view
1.107 -
download
6
Transcript of Maca Cepet
PARAGRAF (WACAN)
wcn\
Miturut isine, wacana/paragrafkaperang dadi lima, yaiku :
1. Narasi
2. Argumentasi
3. Deskripsi
4. Persuasi
5. Eksposisi
Narasi
Yaiku karangan utawa paragraf, utawa pada kangnyritakake kedadeyan kanthi wektu utwa prastawakang runtut saka wiwitan nganti pungkasan. Soksapa sing maca paragraf iki kaya-kaya nglakoni kayadene kedadeyan kang ana ing jroning crita.
Crita narasi bisa nduweni sipat fakta lan fiksi (critasing direka).
Tuladha crita fakta : pengalaman pribadi, otobiografi, biografi.
Tuladha crita fiksi : novel, cerkak, cerbung.
Tuladha wacan narasiSumilaking Mendhung
(dening Sukarmi)
Swasana wengi iku pancen sepi. Tan ana swara nesato kewan wengi kang ngumandhangake kidungkaendahan. Sepining wengi tambah sansaya sepi kanthitumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore oramandheg-mandheg. Hawane sansaya kekes. Ora maidoyen sato kewan wengi sarta jalma manungsa luwihseneng ana padunungane dhewe-dhewe ngumbarpangangen-angen. Tan prabeda karo Ningrum. Kenyalencir kuning iku lungguh ijen ana ruwang tamu.
…
Argumentasi
Yaiku karangan utawa paragraf kang isinengenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan kang mathuk.
Deskripsi
Yaiku karangan utawa paragraf kang isinenggambarake sawijining objek (bisa panggonanutawa wewujudan liyane)kanthi terwaca. Soksapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngertidhewe objek kang digambarake ana ing jroningparagraf iki.
Tuladha wacan deskripsi
…
Candhi Siwa ing tengah-tengah, isine patangkamar, ben kamar madhep arah keblat. CandhiSiwa kang kalebu reca Bathara Siwa singdhuwure telung meter, dene sing telu isine reca-reca sing ukurane luwih cilik, yaiku reca Durga,Sakti (garwa Bathara Siwa), Agastya gurune, lanGanesha putrane.
…
Persuasi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isine ngajakpara pamaca supaya nglakoni apa kangdikandhakake panulis.
Eksposisi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isinenjlentrehake nganti cetha terwaca.
Tuladha wacan eksposisi
Upacara Wiwit
Wiwit mujudake tatacara Jawa sing diadani saben panen pari.Tatacara Wiwit wis arang keprungu, nanging dening warga DhusunNitiprayan ,Kasihan, Bantul, isih diuri-uri. Salah sijining tokohmasyarakat sing asring nyepuhi upacara Wiwit (methik pari) asmaneMbah Sedyaprada (65 taun). Duwe anak enem, kabeh wis mentas, anasing dadi guru, ana sing nyambut gawe swasta. Senajan mung buruhbiasa, panjenengane sing dipitaya warga amrih mimpin acara Wiwit.Ing ngisor iki katur wawancarane Jaya Baya karo Mbah Sedyaprada babupacara Wiwit.
“Kados pundi Mbah, larah-larahipun wonten upacara Wiwit?”“Upacara Wiwit, nek neng Jawa Timur karan upacara methik pari.
Kapan dianakake sing sepisanan, aku ora ngerti, jalaran aku mungnerusake tilarane leluhur.”
…
Golekana tuladha-tuladha paragraf/ karangan narasi, deskripsi, eksposisi,
argumentasi, lan persuasi ana ing manekasumber wacan, kayata kalawarti basa Jawa
(Panjebar Semangat, Jaya Baya), bukuKabeh Seneng Basa Jawa 1!
Yen wis tulis/ foto copy, banjur tempelakeana ing buku tugasmu!
TUGAS
unen-unen ing ngisor iki terangana tegese nganggotembung kang cumawis ing sisih tengene!
1. Adigang, adigung, adiguna
2. Pitik trondhol diumbar ingpadaringan.
3. Sapa nandur bakal ngundhuh.
4. Yitna yuwana lena kena.
5. Ana catur mungkur.
6. Kadang konang.
7. Ing ngarsa sung tuladha, ingmadya mangun karsa, tut wuri handayani.
8. Gajah ngidak rapah.
9. Ngubak-ubak banyu bening
10. Timun mungsuh duren.
a. Sing sapa ngati-ati bakalselamet,sing sapa kurang wiwekabakal cilaka.
b. Wong cilik mungsuh wong gedhe.c. Ing ngarep dadi conto, ing tengah
nuwuhake greget, ing buri menehipanyengkuyung.
d. Ngendel-ngedelake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinteran.
e. Gawe rusuh papan tentrem.f. Wong ala dipasrahi barang kang aji,
wekasane malah ngentek-ngentekke.
g. Sapa tumindak bakal oleh piwales.h. Ngaku sedulur yen katon sugih.i. Wong kang nerak marang wewalere
dhewe.j. Ora ngrewes perkarane wong liya.
kw(wy= pu/w
pnDitfu/n
Pandhita Durna iku nalika isih timur kekasihBambang Kumbayana. Bambang Kumbayana putraneratu ing Negara Atas Angin kang jejuluk Prabu Barat Waja.Pandhita Durna minangka pandhita ana ing PertapanSokalima. Nduweni jejibahan nggulawenthah tedhakturune negara Ngastina, yaiku Pandhawa lan Kurawa.
Murid kinasihe yaiku Raden Arjuna. Pandhita Durnakagungan putra kang asesilih Aswatama. Aswatama kuwiputrane Pandhita Durna patutan saka Dewi Wilutama.
Nalika ana ing perang gedhe BaratayudaJayabinangun, Pandhita Durna dadi senopatine PrajuritNgastina.Pandhita Durna kasoran lan gugur dening RadenDrestajumena.
tem=B) tem=B) aiki ap tege[sS
Timur
Kekasih
Jejuluk
Pertapan
Jejibahan
Nggulawenthah
Tedhak turuneKinasihAsesilihPatutanSenopatiKasoran