Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

2
Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Para sederek sebangsa setanah air, khususipun para Bapak saha Ibu guru ingkang dahat kinormatan. Alhamdulillah, raos puja-puji syukur kita unjukaken dhumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun sahingga kita saged kempal wonten panggenan menika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal menopo-menopo. Sholawat saha salam mugi-mugi kaparingaken dhumateng Rosulullah SAW, kaluarganipun, shokhabatipun, tuwin lemeber dhateng kito sedoyo selaku penderekipun. Aamiin. Hadirin ingkang kula kurmati, R.A. Kartini meniko pelopor pembaharuan lan pembangunan kaum wanita Indonesia, piyambakipun kagungan kepribadian ingkang luhur, lan cocok menawi piyambakipun dipun dadosaken tulodho dhateng bangsa Indonesia. Sendyan piyambakipun kalebet piyantun saking keluwarga ningrat, manahipun tansah parek datheng kawula alit, migatosaken datheng kepentingan tiyang sanes, sanget mituhu saha ngajeni dhateng tiyang sepuh, uga cara gesangipun prasojo, sregep, tabah lan sabar ngadepi pacobaan lan rintangan, saha majengaken ilmu pendidikan lan akhlak khususipun kangge kaum wanita. Cita-citanipun R.A Kartini menika kathah sanget. Contohipun inggih meniko: 1. Tansah ambudi daya majengipun saha ngangkat derajatipun kaum wanita.

description

sdasf

Transcript of Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

Assalamualaikum Warohmatullahi WabarokatuhPara sederek sebangsa setanah air, khususipun para Bapak saha Ibu guru ingkang dahat kinormatan. Alhamdulillah, raos puja-puji syukur kita unjukaken dhumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun sahingga kita saged kempal wonten panggenan menika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal menopo-menopo.Sholawat saha salam mugi-mugi kaparingaken dhumateng Rosulullah SAW, kaluarganipun, shokhabatipun, tuwin lemeber dhateng kito sedoyo selaku penderekipun. Aamiin.Hadirin ingkang kula kurmati,R.A. Kartini meniko pelopor pembaharuan lan pembangunan kaum wanita Indonesia, piyambakipun kagungan kepribadian ingkang luhur, lan cocok menawi piyambakipun dipun dadosaken tulodho dhateng bangsa Indonesia.Sendyan piyambakipun kalebet piyantun saking keluwarga ningrat, manahipun tansah parek datheng kawula alit, migatosaken datheng kepentingan tiyang sanes, sanget mituhu saha ngajeni dhateng tiyang sepuh, uga cara gesangipun prasojo, sregep, tabah lan sabar ngadepi pacobaan lan rintangan, saha majengaken ilmu pendidikan lan akhlak khususipun kangge kaum wanita.Cita-citanipun R.A Kartini menika kathah sanget. Contohipun inggih meniko:1. Tansah ambudi daya majengipun saha ngangkat derajatipun kaum wanita.2. Ngersaaken persamaan hak ing antawisipun kaum wanita lan kaum jaler ing dalem perkawis tertentu.3. Nguwalaken kaum wanita saking belenggu kawin peksa, nanging tetep merhatasaken pertimbangan lan nasehat saking tiyang sepah.4. Ndadosaken kaum wanita pinter anggulo wenthah dhateng putra-putranipun sahinggo saged dados generasi penerus ingkang sahe budi perkertinipun.Piyambakipun kalebet tokoh ingkang mandegani saha ingkang ngrintis EMANSIPASI WANITA wonten ing tanah iar punika.Miturut pemanggahipun, emansipasi inggih menika nguwali lan maringi kamardikan, upamanipun kamardikan kagem kaum waita ing dalem nggayuhhak-hak ingkang sami kaliyan kaum jaler, kadasta hak pikantuk pendidikan, keahlian, ketrampilan lan sapanuinggalipun. Mula, dinten kartini dipun mengeti supaya kita saged nuladhani perjuangan R.A Kartini lan nuladhani kerifanipun piyambakipun.Bapak Ibu ingkang kula kurmati, semanten pidato singkat kula ngengingi keteladana R.A Kartini kathah kekiranganipun nyuwun pangapunten sa kathah-kathahipun. Lan mugi-mugi wonten manfaat saka pidhato kula. Matur Nuwun.

Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh