Post on 01-Feb-2016
description
RingkasaaaanNeloni (3 wulanan)
Nggawe sesaji utawa uborampa ning upacara selamatan kanggo ndongake Ibu lan janin
supaya selamet lan sehat.
Materi uborampe/sesajen iki yaiku :
Sega Punar (sega gurih warna kuning), lawuh daging, jeroan, mripat Kebo utawa mripat Sapi
lan Sambel Goreng.
Apem
Pirang-pirang Ketupat: Sinta, Sidolungguh dan Ketupat Lawar.
Ngupati (4 wulanan)
utawa ngupati iku salahsijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon
ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa
kupat. Tujuane upacara adat iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa
kanggo sing sifate tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing radha
bedha karo upacara adat mètèng liyane yaiku ana sajian kupat neng kendhuren
ngupati, kupat iki uga diserta'ake neng besek sing digawa bali undangan sing
hadir.
MaknaNgupat sejatine kanggo pralambang yen jabang bayi wis mlebu neng tahap kaping papat neng proses penciptaan menungsa.
WektuUpacara adat ngupat kudhu diselenggara'ake neng dina sing apik miturut etungan dina Jawa.
NGLIMANNgliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 5 wulan. Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Tujuane upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala.
Upacara adat ngliman iki kurang dikenal neng dhaerah-dhaerah tinentu, bedha
karo mitoni sing wis umum dikenal masyarakat Jawa malah uga dikenal neng
masyarakat Nusantara
MITONI
Mitoni ku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki
diselenggarakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi,
tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing
sifaté tolak bala. Ing dhaérah tinentu, upacara iki uga diarani
tingkeban.
Makna:
Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwé raga sing sampurna. Dadi
miturut pengertian wong Jawa, wêtêngan umur 7 sasi iki proses
penciptaan menungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7
iki utawa Sapta Kawasa Jati.
Mendhem ari-ari
Pengertian:
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum
diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari
iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim.
Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing)
Brokohan
Brokohan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet.Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" sing maknane ngarepake berkah.
TujuanUpacara brokohan tujuane kanggo keslametan proses kelairan uga perlindungan kanggo bayi lan kanggo harapan bayi sing lair isa dadi bocah sing apik perilakune.
Rangkeyan upacaraUpacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing dilanjutake bagi-bagi sesajen
brokohan kanggo sedulur lan tangga
Sepasaran
iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat iki
umume diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng
bayi, upacara iki diselenggaraake radha meriah.
Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.
Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan ngundang
sedulur uga tangga umah. Suguhan sing disajiake umume wedang lan jajan
pasar ning uga ana besek sing umum kanggo ditentengan mulih.
Aqeqah meniko nggih budoyo saking basa Arab, artinipun aqeqah piyambak meniko gadah arti rambut ingkang wonten kepalanipun bayi ingkang nembe lahir, lan aqeqah saged diartiken pemotongan. Aqeqah meniko piyambak menurut syariah Islam nggih memotong domba kange bayi ingkang nembe lahir. Kangge bayi ingkang putro dipotongaken mendho kalih, manawi dingge bayi putri
dipotongaken mendho setunggal. Aqeqah meniko diagem kangge syukranipun putra-putri nipun piyambak.
Puputan utawa pupak puser,
Puputan utawa pupak puser, iku sejatiné nduwé makna tali puser bayi puput. Dadi upacara iki dianakaké wektu utawa bubar puputé tali puser saka udhel bayi.
Biasané ana acara slametan ing upacara puputan iki, acarané yaiku kendhuren, bancakan lan awèh jeneng bayi. Upacara iki apik yèn diselenggara'ake bubar wektu maghrib.
Puputan bayi digolongke dadi 2, yaiku: 1. golongan bangsawan/kerajaan: Sega gudanga, jenang abang putih, 5 werna bubur, lan jajan pasar. 2. golongan rakyat biasa: Sega jangan, jenang abang putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar.
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak utawa idhak lan sitèn (saka tembung
siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap
njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah
wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245)
SelapananSelapanan dilakukan 35 hari setelah kelahiran bayi. Pada hari ke 35 ini, hari
lahir si bayi akan terulang lagi. Misalnya bayi yang lahir hari Rabu Pon (hari
weton-nya), maka selapanannya akan jatuh di Hari Rabu Pon lagi. Pada
penanggalan Jawa, yang berjumlah 5 (Wage, Pahing, Pon, Kliwon, Legi) akan
bertemu pada hari 35 dengan hari di penanggalan masehi yang berjumlah 7
hari. Logikanya, hari ke 35, maka akan bertemu angka dari kelipatan 5 dan 7. Di
luar logika itu, selapanan mempunyai makna yang sangat kuat bagi kehidupan
si bayi. Berulangnya hari weton bayi, pantas untuk dirayakan seperti ulang
tahun. Namun selapanan utamanya dilakukan sebagai wujud syukur atas
kelahiran dan kesehatan bayi.